Petunjuk dan Larangan-Larangan
(P) = Pituduh/Petunjuk, (W)
= Wewaler/Larangan
I. Paugeran Kanggo Kapercayan:
(P) Pangéran Kang Måhå uwåså (Gusti Allah, Tuhan)
iku siji, angliputi ing ngêndi papan, langgêng, síng nganakaké jagad iki
saisiné, dadi êsêmbahan wóng saalam donyå kabèh, panêmbahan nganggo carané
dhéwé-dhéwé.
(P) Pangéran Kang Måhå Kuwåså iku
anglimput ånå ing ngêndi papan, anèng ira ugå ånå Pangéran (maksudé : tajaliné
Kang Múrbèng Dumadi).
(P) Pangéran iki Måhå Kuwåså,
pêpêsthèn såkå karsaning Pangéran ora ånå síng biså murúngaké.
(P) Pangéran iku nitahaké sirå
lantaran båpå lan biyúngirå, mulå kudu sirå ngurmati marang båpå lan biyúngirå.
(P) Ing donyå iki ånå róng warnå síng
diarani bêbênêr, yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå kang lagi
kuwåså.
(P) Kêtêmu Gusti (Pangéran) iku lamún
sira tansah élíng.
(P) Cåkrå manggilingan (uríp iku
ibaraté rodhå kang tansah mubêng).
(P) Åjå sirå wani-wani ngaku
Pangéran, sênadyan kawrúhira wís tumêka "Ngadêg Sarirå Tunggal" utåwå
bisa mêngêrtèni "Manunggaling Kawulå Gusti".
(P) Åjå ndisiki kêrså.
(W) Åjå sirå wani marang wóng
tuwanira, jalaran sirå bakal kênå bêndhu såkå Kang Múrbèng Dumadi.
(W) Åjå múng kèlingan lan
migatèkaké barang kang katón baé, sêbab kang katón gumêlar iki anané malah ora
langgêng.
(W) Åjå darbé pangirå yèn lêlêmbút
iku mêsthi alané, jalaran síng apik iyå ånå, síng ålå iyå ånå, ora bédå karo
manungså.
(W) Åjå lali sabên ari (dinå) éling
marang Pangéranira, jalaran sêjatiné sirå iku tansah katunggón Pangéranirå.
II. Paugeran
Kautamaning Batin:
(P) Kahanan donyå iku ora langgêng, mulå åjå
ngêgungaké kasugihan lan drajadira, awít samångså wolak-walikíng jaman ora
kisinan.
(P) Kahanan kang ånå iki ora suwé mêsthi ngalami
owah gingsír, mulå åjå lali marang sapådhå-padhaníng tumitah.
(P) Síng såpå sênêng ngrusak katêntrêmaníng liyan
bakal dibêndhu déning Pangéran lan diwêlèhaké déning tumindaké dhéwé.
(P) Watakíng manungså iku kêpingín kuwåså, nangíng
Pangéran iku bakal maríngaké panguwåså miturút kêrsané Pangéran pribadi.
(P) Janmå iku tan kênå kinåyå ngåpå, mulå sirå åjå
sênêng ngaku lan rumangsa pintêr dhéwé.
(P) Ramé ing gawé sêpi ing pamrih, mêmayu hayuníng
bawånå.
(P) Manungså sadêrmå nglakóni, kadyå wayang
saupamané.
(P) Mulat sarirå, tansah élíng lan waspådå.
(P) Sabêgjå-bêgjané kang lali, luwih bêgjå kang
élíng klawan waspådå.
(P) Síng såpå salah sèlèh, lan mélík nggéndhóng
lali.
(P) Nglurúg tanpå bålå, sugíh ora nyimpên, sêkti
tånpå maguru, lan mênang tanpå ngasóraké.
(P) Yèn sirå dibêciki liyan tulisên ing watu supåyå
ora ilang lan tansah kèlingan, yèn sirå gawé kabêcikan marang liyan tulisên ing
lêmah, supåyå énggal ilang lan ora kèlingan.
(P) Síng sênêng gawé nêlangsané liyan iku ing têmbé
bakal kênå piwalês såkå panggawéné dhéwé.
(P) Lamún sirå múng sênêng dialêm baé, ing têmbé
kêtêmu bab-bab kang kurang prayogå.
(W) Wani ngalah luhúr wêkasané.
(W) Åjå sênêng gawé rusakíng liyan, jalaran
sirå bakal kênå siku dhêndhaning Guru Sêjatinirå.
(W) Åjå sira nyacad piyandêling liyan, jalaran
durúng mêsthi yèn piyandêlirå iku síng bênêr dhéwé.
(W) Åjå lali marang kêbêcikan liyan.
(W) Åjå sirå dêgsurå, ngaku luwíh pintêr
tinimbang séjéné.
(W) Åjå rumangsa bênêr dhéwé, jalaran ing donya
iki ora ånå síng bênêr dhéwé.
(W) Åjå wêdi kangèlan, jalaran uríp anèng donyå
iku pancèn angèl.
(W) Åjå gawé sêrík atining liyan lan åjå golèk
mungsúh.
(W) Åjå sirå mulang gêthing marang liyan,
jalaran iku bakal nandúr cêcongkrahan kang ora ånå uwis-uwisé.
(W) Åjå ngumbar håwå napsu lan åjå mélík
darbèkíng liyan, mundhak sêngsårå uripé.
III. Paugeran Laku
Budi Utomo:
(P) Ålå lan bêcík iku dumunúng ånå awaké dhéwé,
mélík nggéndhóng lali, ngundhúh wóhíng pakarti.
(P) Síng såpå lali marang kabêcikan liyan, iku kåyå
kéwan.
(P) Ajiníng dhiri iku dumunúng ånå ing lathi lan
budi.
(P) Yitnå yuwånå, lénå kênå.
(P) Ålå kêtårå, bêcík kêtitík.
(P) Klabang iku wisané ånå ing capité. Kålåjêngkíng
wisané múng ånå pucúk buntút (êntúp). Yèn ulå mung dumunúng ånå untuné ulå kang
duwé wiså. Nangíng yèn durjånå wisané dumunúng ånå ing sakujúr badan.
(P) Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
(P) Mumpúng ênóm ngudiyå laku utåmå.
(P) Síng prasåjå, pêrcåyå marang dhiri pribadi.
(P) Ngèlmu pari, såyå isi såyå tumungkúl.
(P) Wóng mati iku bandhané ora digåwå.
(P) Wóng iku kudu ngudi kabêcikan, jalaran
kabêcikan iku sanguníng uríp.
(P) Wóng kang ora gêlêm ngudi kabêcikan iku
prasasat sétan.
(P) Wóng linuwíh iku ambêg wêlasan lan sugíh
pangapurå.
(P) Pêrang tumrap awaké dhéwé iku pambudidåyå murih
bisa mèpèr håwå nêpsu.
(P) Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh
ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå.
(P) Turutên pituturé wóng tuwå.
(P) Wóng kang ora wêrúh tåtåkråmå udånagårå
(unggah-ungguh), iku pådhå karo ora biså ngrasakaké råså nêm warnå (lêgi,
kêcút, asín, pêdhês, sêpêt, lan pait).
(P) Wóng pintêr nangíng ålå tumindaké, sênêngé karo
wóng ålå.
(P) Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan
ngêpénakaké atiné liyan. Yèn kumpúl karo mitrå kudu biså ngêtrapaké têmbúng
kang manís kang pêdhês, sêpêt,bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå kudu
biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså
ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané.
(W) Åjå panastèn lan åjå sênêng gawé gêndrå,
jalaran gawé gêndrå iku sipatíng dhêmít.
(W) Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn
cacad.
(W) Åjå lali piwulang bêcík.
IV. Paugeran
Kebangsaan:
(P) Bångså iku minångkå sarånå kuwatíng nagårå,
mula åjå nglírwakaké kabangsanirå pribadi supåyå antúk kanugrahan adêgíng
bangsa kang "Andånå Waríh"
(P) Nêgårå iku ora gunå lamún ora duwé
anggêr-anggêr minångkå pikukuhíng nêgårå kang adhêdhasar isi kalbuné mênungså
salumahíng nêgårå kuwi.
(P) Kang bêcík iku lamún ngêrti anané sêsantiné
ngabdi bêbrayan agúng : "Ing Ngarså Asúng Tulådhå, Ing Madyå Amangún
Karså, Tút Wuri Handayani".
(P) Nêgårå kita biså têntrêm lamún murah sandhang
klawan pangan, margå pårå kawulå pådhå sênêng nyambút gawé, lan ånå panguwåså
kang darbé watak "Bêr budi båwå laksånå”.
(P) Wadyåbålå pamóng pråjå kang sênêng marang kawulå
alít iku dadi sênêngané pårå kawulå sajroníng pråjå lan bisa gawé kukúh sartå
dadi tamèngíng nagårå.
(P) Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang
nyåtå amríh biså kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé
rahayuníng sasåmå.
(P) Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé
têntrêm pårå kawulané, amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå
ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
(P) Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé
lan disujudi déníng liyå nêgårå.
(P) Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå
sirå dhêmên kuwåså dhéwé. Jalaran yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh,
ing têmbé bakal ndadèkaké ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan.
Ngélingånå yèn sêjatiné isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå
baé.
(P) Déné síng mêngku nagårå ora darbé watak
"Bêr budi båwå lêksånå". Iku biså njalari wadyabålå kang dadi
têtungguling prajurít nêgårå kuwi ora sujúd manèh lan biså ugå kêpingín ngrêbút
panguwasaníng nêgårå.
(P) Yèn wóng bêcík kang kuwåså, kabèh kang ålå
didandani lamún kênå, déné yèn ora kênå disingkíraké mundhak nulari (cuplak
andhêng-andhêng).
(P) Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh
kamardikaníng nagårå lan bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah
darbèkíng liyan.
(P) Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani
bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
(P) Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså
rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani.
(P) Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn
lagi ora darbé panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé.
(P) Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså
marèkaké crahíng nagårå lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman
lahír batín.
V. Paugeran
Kaluwargan:
(P) Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing
ngalam donyå.
(P) Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali
marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå.
(P) Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora
ngêrti marang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné
dudu panutané putrå wayah.
(P) Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå
linuwíh. Tånggå iku pêrlu dicêdaki nanging åjå ditrêsnani.
(P) Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng.
(P) Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki
nangíng åjå dimungsuhi.
(P) Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati.
(Unèn-unèn kanggo nggambaraké kasêtyané marang kulåwargå).
(P) Mikul dhuwúr mêndhêm jêro. Unèn-unèn kanggo
nggambaraké bêktiné anak marang wóng tuwåné).
(P) Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå
katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak.
(P) Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang
putrå, jalaran putu iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu.
(P) Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå. Swårå kang
krungu nganti sayojånå, arumíng jênêng ngambar-ambar salumahíng bumi
(dialêmbånå).
(P) Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå,
sênajan ayu utåwå bagús.
(P) Åjå ngaku wóng tuwå lamun wóng tuwamu katón
sugíh lan dhuwúr drajadé, jalaran pangkat lan bandhané wóng tuwamu iku mau bisa
sirnå sadurungé sirå warisi.
(W) Åjå gampang nyêpatani anak nganggo têmbúng
kang ora prayogå, jalaran sêpatané wóng tuwå bisa numusi sartå bisa ngilangaké
råså bêktiné anak marang wóng tuwané.
(W) Åjå mènèhi jênêng marang anak síng kurang
pantês, jalaran jênêng síng disandhang anak bakalé kagåwå nganti dêlahan
(akhérat).
VI. Paugeran
Kadonyan:
(P) Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút
karyå lan såkå pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan. Déné båndhå kang ora
rêsík iku båndhå cólóngan utåwå såkå nêmu duwèkíng liyan kang kawruhan síng
duwé.
(P) Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså
golèk båndhå donyå ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín.
(P) Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên
katêntrêman njåbå njêro.
(P) Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn
mati ora digåwå.
(P) Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak
kadonyan.
(P) Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå. Gawé
múlya lamún såkå barang kang bêcík, gawé cilåkå lamún såkå barang kang ålå.
(P) Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé,
jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå.
(P) Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang
lamún ånå owahing jaman. Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå
bandhané.
(P) Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå,
nêgårå, lan mbóyóng putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå
wanitå bóyóngan mau biså gawé ringkihíng nagårå.
(W) Båndhå iku pêrlu nangíng åjå
diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran
biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
(W) Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan
råjåbrånå lan wanita iku biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng
ati.
(W) Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké
pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
(W) Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå
napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng
mêsthi båndhå kang rêsík.
VII. Memayu
Hayuning Pribadi:
(P) Ing samubarang gawé åjå sók wani mêsthèkaké,
awít akèh lêlakón kang akèh bangêt sambékalané síng ora biså dinuga tumibané.
Jêr kåyå uniné pêpèngêt, "Mênåwå manungså iku pancèn wajíb ihtiyar,
nangíng pêpêsthèné dumunúng ing astané Pangéran Kang Måhå Wikan". Mulå ora
samêsthiné yèn manungså iku nyumurupi bab-bab síng durúng kêlakón. Saupåmå
nyumurupå, prayogå åjå diblakakaké wóng liyå, awít têmahané múng bakal murihaké
bilahi.
(P) Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbúh karo
uniné bêbasan : "Sabar iku kunciníng swargå", atêgês marganíng
kamulyan. Sabar, liré mómót kuwat nandhang sakèhíng cobå lan pandadaraníng
ngauríp, nangíng ora atêgês gampang pêpês kêntèkan pêngarêp-arêp. Suwaliké
malah kêbak pêngarêp-arêp lan kuwåwå nampani åpå baé kang gumêlar ing salumahé
jagad iki.
(P) Kahanan donya iki ora langgêng, tansah owah
gingsír. Yèn sirå kêbênêran katunggónan båndhå lan kasinungan pangkat, åjå
banjúr rumangsa "Såpå sirå såpå ingsún", tansah ngêndêlaké
panguwasané tumindak dêgsurå marang sapådhå-pådhå. Élinga yèn båndhå iku
gampang ilang (sírnå). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
(P) Saibå bêciké samangså wóng kang lagi kasinungan
kabêgjan lan nampå kabungahan iku tansah élíng gêdhé ngucap syukúr marang Kang
Pêparíng. Awít élinga yèn tumindak kåyå mangkono mau kêjåbå biså ngilangi watak
jubriyå uga mlêtikaké råså rumångså yèn wóng dilairaké marang sapådhå-padhané
titah, mbêngkas kasangsaran, munggahé ngrêkså hayuníng jagad.
(P) Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang
kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké kasugihan lan kapintêranmu. Yèn anggónmu
ngóngasaké dhiri mau múng winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå
mangkono iku ngêngón awakmu dadi ora aji. Luwíh prayogå turutên pralampitané
tanduran pari. Pari kang mêntês mêsthi tumêlúng, kang ndongak mracihnani yèn
kóthóng tanpå isi.
(P) Rumångså sarwå duwé" lan "Sarwå
duwé rumångså", iku yèn ditulís gênah múng diwolak-walík baé, nangíng
surasané jêbúl kåyå bumi karo langit. Síng kapisan nudúhaké watak
ngêdír-êdíraké, wêngís satindak lakuné (polahé), yèn nggayúh pêpénginan ora maèlu
laku dudu, samubarang pakarti nisthå ditrajang wani. Déné síng kapindho
pakartiné tansah kêbak wêlas asíh, wicaksånå ing sabên laku, rumångså doså
samångså gawé kapitunané liyan.
(P) Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwa sêmono yèn
wís kêtrajang ing taiyèng yå bakal êntèk gripís. Sêmono ugå tumrapíng wóng kang
kataman råså mèri, atiné mbåkå sêthithík ugå bakal gripís, awít rumangsa yèn
awaké tansah apês, saénggå kélangan grêgêt lan lumúh makaryå. Wusanané pêpês
atiné kêntèkan pêngarêp-arêp.
(P) Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp
kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki : (a). Tansah jaganên
sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh
dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora. (b). Kulinaknå mikír luwih dhisík
samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk. Liré pikirên luwíh dhisík klawan
matêng åpå kang bakal sirå wêtókaké iku ora malah gawé kucêmíng awakmu dhéwé,
glarani atiníng liyan åpå ora. Déné yèn ora ånå paédahé luwíh bêcík åjå kók
kojah amríh ora nandhang piduwúng.
(P) Digêndhóngånå dikuncènånå kåyå ngåpå, nangíng
wóng iku yèn wís tinakdír têkan janjiné utåwå ajalé, mångså bakal wurungå. Iki
manèh pélíng kita, yèn kita manungså mono ing atasé badan lan umuré dhéwé ora
kuwåså. Åpå manèh síng múng wujúd barang sampiran kåyådéné drajad sêmat lan
pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula såkå iku åjå kibír,
jubriya lan åjå sók dumèh. Awít isíh ånå panguwåså liyå (Gústi Allah) kang
luwíh kuwåså.
(P) Ngombé lan mêmangan yèn tanpå takêr lan tanpå
pilíh-pilíh iku pancèn biså nêkakaké bilahi. Mula nyandhêt ubalíng kêpinginan
ngombé lan mêmangan kang kåyå mêngkono mau wís atêgês sawijiníng pamarsudi
nyêgah karusakaníng jiwå lan rågå. Wóndéné sranané kang prayogå yaiku påså síng
mêngku ancas pupúr sadurungé bênjút nyingkiri sadurungé bilahi.
(P) Kamulyan lan kanikmataning uríp wóng-wóng kang
sugíh dituku måwå tangising rakyat kang mlarat.
(P) Kang kinaran janmå kang wís kadunúngan cíptå
kang wêníng iku, yåiku såpå kang wís têmên-têmên mantêp pangidhêpé marang Gústi
Kang Múrbèng Dumadi. Wóng kang kåyå mangkono mau samångså nindakaké pakarti åpå
tå åpå tansah linambaran ati kang sarwå têpa tulús, kabèh-kabèh amúng akarånå
Allah. Ora cilík ati, gêdhéné ngråså owèt ing kalané wóhíng panggawéné mitunani
awaké dhéwé, nangíng biså gawé raharjané sêsamaníng dumadi. Kósókbaliné wóng
kang nindakaké pangibadah nangíng isih ndarbèni pêpinginan supåyå diwêruhana
lan digawókana déníng Allah, iku pratåndhå yèn pangidhêpé lan pangibadahé
durúng akarånå Allah.
(P) Pambudidayanirå manêmbah marang Pangéran iku
prayogané åjå sirå anggo sarånå ngalab tumuruníng pêparingé, nangíng mligiya
nindakaké panêmbah múng såkå niyat manêmbah. Awít wóng kang nyênyadhóng sihíng
Pangéran sarånå laku panêmbah kathík banjúr nyåtå kalêksanan panyuwuné, ing
adat wóng mau banjúr dadi kêthúl kawaspadané marang kaluhuran lan kêagungané
Kang Múrbèng Dumadi. Aran isíh bêgjå yèn ora banjúr dadi wóng jubriyå sênêng
nyêpèlèkaké marang sêsamaníng dumadi.
(P) Ånå sawènèhíng wóng kang duwé pênganggap mênawa
nyênyuwún sihíng Allah iku ora ånå gawéné. Awít Gústi Allah iku adíl lan Måhå
Wuninga saénggå ora bakal pêparíng marang wóng kang ora
pantês nampaganjaran, nangíng wóng mau sajak lali yèn Gústi Allah mono
Maha Wêlas lan Maha Asíh. Ugå ana sawènèhíng wóng kang ora prêcåyå marang anané
Gústi Allah, prêsasat ugå ora prêcaya marang anané dhéwé, déné nganti awaké
lair ånå ing donya. Nangíng yèn wóng mau nandhang rêribêd lan nalaré wís
pantóg, adaté tuwúh osikíng atiné yèn Pangéran iku ånå malah banjúr disêsuwuni.
(P) Wóng kang kulina ngéníngaké cíptané kang rêsík
ing wayah ésúk, lawas-lawas banjúr biså ngêningaké cíptané ing wayah bêngi ugå,
lan sangsåyå lawas manèh bisa ngêningaké cíptå ing wayah åpå baé lan ing
ngêndiya baé. Nangíng sabarang pratingkah iku biså dadi pakulinan manåwå
katindakaké kanthi ajêg, sarånå panglantíh kang tumêmên lan ora bosên. Klawan
mangkono sabarang kang mauné rinåså rêkåså lan abót, bakal sírnå. Mangkono ugå
ånå bédané yèn kita kêpingín nanêm wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpå
bosên.
(P) Yèn pinuju wayah bêngi langité têrang banjúr
tumêngåå ing tawang, kita bakal nyipati sapérangané gêlaríng alam, abyóríng
langít kang sumilak sinêbaran lintang-lintang patíng krêlip, gêdhé cilík kåyå
wís sêngadi tinåtå panggónané, angin sumilír ngobahaké kêkayónan lan
gêgódhóngan kang ngandhút arumíng gandané kêkêmbangan. Síng kåyå mangkono
sayêkti bisa nuwúhaké råså pangråså têntrêm ing ati kitå. Nangíng luwíh såkå
iku, åpå síng kåyå mangkono mau ora ngosikaké kita tumrap kaluhuraníng Kang
Måhå Agúng kang wús mranåtå sakabèhíng mau?
(P) Tumrapíng wóng múrsíd yèn pinuju kambah ing
prihatin, nolah-nolèh ngiwå nêngên wís ora ånå pitulungan manèh kang biså
diarêp-arêp têkané. Parandéné ora bakal kóncadan ing pangarêp-arêp. Awít wís
mangêrti mênåwå tambané prihatín kang ampúh iku ora liyå kêjåbå: sabar. Sabar
lan tawakal nyênyuwún kanthi têmên-têmêníng ati marang kamurahaníng Kang Måhå
Kuwåså kang ngrêgêm sakabèhíng mobah-mosikíng jagad saisiné.
(P) Ala-alaníng kêlakuwané wóng ora kåyå kang
sinúng watak "Såpå sirå såpå ingsún". Margå sèndhènan kaluwihané,
êmbúh kêkuwasaané, êmbúh karósan, sênêng tumindak sawênang-wênang marang
kalahané kang wís titå ora bakal kumawani mancahi gêdhéné nganti wani
mbandakalani kêkarêpané. Wóng kang nduwèni sêsipatan kåyå mangkono mau prayogå
énggal ngélinganå mênåwå laku jantraníng jagad mono wís kinodrat cåkrå
manggilingan; síng wingi ånå ngisór déné sésúk gilír gumanti bakal ngêrèhaké.
(P) Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan
pênganggo, kajåbå amríh bagas kuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké. Iki
pakulinan kang apík. nangíng luwíh prayoga manèh yèn jroníng ati banjúr
katuwuhan osík : åpå sabên dinå kita ugå rêrêsík lan ngupakara batín lan jiwå
kita amríh sangsåyå apík lan sangsåyå rêsík såkå sakèhíng rêrêgêd såkå anané
cacad-cacad lan panggodhå. Sêbab yèn badan wadhag kang kênå ing rusak iku kita
gêmaténi, généyå jiwå kitå kang asipat langgêng malah kita lírwakaké
pangupakarané?
(P) Suméndhé ing takdir iku dudu sipaté wóng kang
sênêng ulah luhuríng kêbatinan, nangíng dadi wataké wóng kang lumúh tumandang
gawé lan cupêt nalaré. Luhuríng kêbatinan kudu tansah jumbúh lan laras karo
ajuníng kawrúh lair. Liré, kêbatinan kang luhúr iyå kudu biså ngujudi pakarti
kang luhúr ugå, kang biså njunjúng lan mulyakaké drajadíng nuså lan bangsané.
(P) Såkå kayungyúníng manungså marang båndhå, sêmat
lan drajad anggóné migunakaké nganti kêrêp nglírwakaké kautaman, nglalèkaké
jêjêríng kamangnungsan. Uripé prasasat kaêsók kabèh ånå ing kono. Ora ngélingi
kêpriyé wusananíng dumadi. Ing jagad pancèn ora ånå wêwalêr wóng nglumpúkaké
båndhå råjåbrånå, janji pikolèhé manút dalan kang bênêr lan dipigunakaké
minångkå prabót prênataníng jagad.
(P) Uríp tanpå gêgayuhan luhúr, bêbasané kåyå
lêlawuhan tanpå uyah, sêpå tan miråså. Gêgayuhan bisané kasêmbadan kudu
sinartan ngèlmu, jalaran ngèlmu mono pancèn sanguné ngauríp, wóndéné ngèlmu iku
tinêmu ing laku lan tandang. Sakèhíng tandang ora bêcík kêlakóné yèn ora mapan.
Liré, bisowå tansah ngélingi marang jantraníng kahanan. Wóng kang tandang
tandúké mapan, angèl kêpèpèté, jalaran yèn mapan mêsthi cêpak waspadané. Déné
waspådå mono sirikané målå lan adóh såkå bêbêndhu.
(P) Sakabèhíng tumindak iku panimbangé manút
kawusanané. Mula muríh bisané sampúrna, sabarang kang bakal dilakóni lan
ditindakaké iku luwíh dhisík thinthingånå lan pilah-pilahna ålå bêciké kanthi
wêningé nalar/pikír. Yèn wís, tumindaké kanthi dugå lan prayogå, sartå måwå
têpå tulådhå. Liré, sabarang patrap mau upamaknå tumrap awaké dhéwé, ilangnå
pangirå-irå tumrap awaké liyan kang durúng disumurupi. Élingå, såpå kang arêp
mbêcíkaké alam donya iku, kudu mbêcíkaké awaké dhéwé luwíh dhisík.
(P) Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså
dititík såkå ulat praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm
kalah. Sabarang tindak-tandúké kêpingín unggúl lan mamèraké kaluwihané, ora
anggèr kaluwihan biså kanggo ngadhêpi bêbåyå lan ngêntas såkå papan cintråkå.
Kaluwihan kang tanpå dilandhêsi kautaman, kênå diumpamakaké kayadéné wêdhak
pupúr síng nèmpèl ing njaban kulít baé, ora biså tahan suwé lan gampang luntúr
margå såkå pakartiné dhéwé, awít nêrak dhasar-dhasar bêbênêr lan kasucian.
(P) Sabên tumindak sêjangkah ngilowå marang
kinclóng-kinclóngé banyu samudrå síng suthík kanggónan sangkrah, jalaran sakèhé
uwúh mêsthi disingkíraké minggír. Sabên makaryå sapêcak, tuladhanên pakartiné
banyu tritisan, nadyan tumètès mbåkå satètès, ditindakaké kanthi ajêg kêcónggah
mbólóngaké watu síng atósé ngluwihi wåjå.
(P) Såpå kang bisa nêlukaké mungsúh-mungsúhé,
dhèwèké diarani kuwat. Anangíng såpå kang bisa nêlukaké awaké dhéwé, iya
dhèwèké iku kang luwíh kuwat manèh.
(P) Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané
adhêpana klawan èsêm gumuyu. Awít iku wus wujúd sênjåtå kang bisa gawé
ènthèngíng sanggan lan bakal numusi muluríng pikír. Nanging yèn pênandhangmu
mau tansah kók adhêpi kanthi ulat kang suntrút adhakané kowé bakal kêntèkan
pikír kang wêníng, wusanané dadi nékat nuruti pokal kang nêrak bêbênêr.
(P) Såpå kang nganggêp åpå baé gampang, mêsthi
bakal nêmu akéh rubédå. Såpå kang gampang janji, iya kuwi kang arang nêtêpi.
(P) Uríp têgêsé mbudidåyå ngêtóg tênågå
(bêrjuwang). Uríp níkmat tanpå angín prahårå pådhå karo sêgårå kang mati. Aku
luwíh sênêng ditêndhang, dilawan déníng nasíb, tinimbang diugúng.
(P) Laku jujúr kuwi
pådhå karo dhuwit kang biså laku ing ngêndi baé.
(P) Kang bêcík lan ålå, kabèh mêsthi nåmpå pikolèh,
sênajantå kadhang-kadhang nampané cêpêt, kadhang-kadhang alón.
(P) Wóng kang kinaranan bêrbudi iku, yåkuwi wóng
síng rumångså tambah kasíksa yèn nyumurupi sapêpadhané nandhang påpå lan
kasangsaran. Runtúhé råså wêlasé adaté banjúr sinusúl sarånå cucúlé prabéyå lan
barang darbèké. Nangíng pancèn angèl gólèk-gólèkané wóng síng kåyå mangkono
iku. Buktiné ora sêthithík wóng síng mati mêrgå kêwarêgên, apamanèh wóng síng
mati amargå kalirên.
(P) Manungså kuwi dadiné bêcík miwiti såkå njêro
mênjåbå.
(P) Kang waspådå marang awakmu dhéwé jalaran iyå
awakmu dhéwé kuwi kang mujúdaké mungsúhmu kang palíng gêdhé.
(P) Manungså kang múng ngélingi marang pakartiné
pancadriyané mono bakal tansah kasinungan råså dhêmên utåwå sêngsêm. Såkå Råså
Dhêmên banjúr kathukúlan råså mélík, såkå råså mélík munggah dadi nafsu, såkå
nafsu banjúr nasar pakartiné lan sírnå bêbudèné síng wêkasané tumiba ing påpå,
nandhang kasangsaran.
(P) Wóng juwèh, kawruhé tumèmpèl ing lambé,
kumrêcêk ngêbaki ing pasamuwan, katút samirånå mrånå-mréné. Bédå karo wóng
mênêng, kawruhé sumimpên ånå ing ati wêníng. Wêtuné ora sarånå lambé, nangíng
katampanan ing pucukíng pèn, mili ambèr ing kêrtas putíh, rinasakaké ing wóng
sajagad.
(P) Amríh uríp kita tansah nêmóni rahayu, åjå
kêndhat nggêgulang nandúr cíptå utåmå sajroníng ati sanubari kita sinartan
panyuwunan kang manthêng marang Gústi Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asíh, mugå
pinaringan nugråhå biså ndarbèni ati kang wêníng lan jiwå kang utåmå. Pancèn
ora gampang wóng ngudi bisané kasinungan cíptå utåmå ngélingi mênåwå manungså
mono mulå wís kêsêrênan sipat apês lan lali. Sók ngonowå yèn tå sawisé nandhang
apês lan lali banjúr gumrégah manèh pangudiné åpå déné ora kêndhat ing
panglantihé mantêpå ing kêyakinan yèn Gústi Allah ora bakal ora ngudanêni
panyuwún kitå.
(P) Kawrúh lan "Ilmu pêngêtahuan" iku
múng biså digayúh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo åpå kang
diwulangaké. Liré, ajaran téoriné kudu biså dicakaké lan ditrapkaké kanggo
karahayóníng bêbrayan. Wóndéné lakuné mono kudu sinartan tékad kang gilíg lan
kêkarêpan kang tulús lan mantêp kinanthènan katêguhaníng iman, kanggo ngadhêpi
sakèhíng panggodhå sartå nyingkiri sikêp laku kang sarwå dudu.
(P) Banyu iku bisaníng bêníng yèn wís mênêp.
Sanadyan mauné buthêk, nangíng yèn wís mênêp, iyå banjúr bêníng. Sêmono ugå
tumrap pêpinginan utåwå gêgayuhan yèn diudi nganti katóg lan mênêp ing têmbé
ugå bakal kasinungan sifat bêníng. Liré, nadyan pêpinginan lan panggayu bisa
kalêksanan klawan tumuli, éwå sêmono yèn ditlatèni suwéning suwé ugå bakal
kasêmbadan.
(P) Yèn kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr
luwíh prayogå yèn dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé. Awít klawan
mêngkono ing têmbé kowé ora bakal gampang disêpèlèkaké déníng bawahanmu. Lan
kang utåmå yaiku kowé nuli biså madêg dadi pêmimpín kang biså nglungguhi ing
kawicaksanan, adóh såkå watak dêgsurå, anané múng sarwå kêbak råså têpå salirå.
(P) Ginubêl déníng råså "Tansah kurang marêm"
marang asilíng pakaryan utawa jêjibahan kang diayahi, saugêr ora ngångså-ångså,
sayêkti malah dadi pamêcút kang bêcík kanggo luwíh maju. Nangíng yèn råså
tansah kurang marêm mau ngênani wuwuhíng donyå-brånå, ora bédå kåyådéné rêridhu
síng èsthiné múng tansah rinåså kayadéné pasiksané ngauríp.
(P) Élingå, mbésúk yèn wís tumêkaning janjiné ora
kênå ora, badan wadhag lan sabarang kalír kang kita darbèni iki bakal kita
tinggalaké kabèh, ora ånå kang kitå gåwå mênyang alam kalanggêngan. Mula åjå
bangêt nggónira katrêm marang kadonyan. Åpå manèh, såpå kang tansah
ngêgúl-êgúlaké marang donyå branané lan gandrúng marang pêpinginan kang ora
langgêng, èsthiné ora bakal bisa nêmókaké kahanan kang biså gawé langgêngíng
kasênêngan lan katêntrêmaníng ati.
(P) Batiné wóng kang bisa ndarbèni ati nriman iku
tansah ayêm lan têntrêm, margå satingkah laku tansah linambaran kêyakinan kang
kandêl marang kadar pêparingé Pangéran. Nriman ora têgês wis marêm
åpå anané, nangíng suwaliké kêpårå malah sungkan mênêng. Múng baé ora
grusa-grusu kåyå tumindaké wóng kang nduwèni sipat ngångså-ångså kåyå ora gêlêm
ngakóni karang anané pandúm.
(P) Abót-abóting cobå tumraping ngauríp iku malah
ora kåyå wóng kang lagi kêbyukan sihíng Gústi Allah. Yèn lulús såkå pandadaran
biså dadi manungså kang kajåbå gêdhé síh kadarmané ugå wicaksånå laír batiné.
Nangíng yèn tå ora têgúh imané, wóng kang lagi kabómbóng ing donyå artå lan
kêladúk rumångså sarwå kuwagang mbêndúng sêgårå njugrúgaké gunúng mau
istingarah bakal kóncatan kawaspadané. Kêjåbå lali marang sangkan parané ugå
lali yèn sakèhíng drajat lan sêmat dalasan têkan nyawané dhéwé pisan iku múng
lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhút bali déníng Kang
Kagungan.
(P) Ambudidåyåå ing båndhå manút sakatógíng tênågå
nangíng åjå lali kinanthènan tékad lan sêdya yèn sapérangan bakal kita
tanjakaké kanggo nindakaké pangibadah. Élinga yèn pati iku lawangíng akhérat,
déné laku ngibadah iku kang biså dadi sarånå nggampangaké manungså tumêkané
marang ing lawang mau kanthi råså pangråså tobat lan sumarah. Suwaliké, jiwå
rågå kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gústi Allah iku ora bédå kåyå anggané
båndhå kang ora dijakati lan ora ditanjakaké kanggo pênggawé kabêcikan.
(P) Yèn sirå pinuju nandhang bagas kuwarasan,
élinga yèn nalika kênå ing lårå, supríh sirå têtêp bagas kuwarasan kanthi
sêsirík prakårå-prakårå kang mbiyèn nyêbabaké lårå. Yèn ing nalikå sugíh,
élingå yèn kêna ing pêkír, lêkas síng kåyå mêngkono mau kanggo ngawékani amríh
sira ora gampang kadunungan pikiran sênêng pamèr lan sêsóngaran. Kawruhånå, iku
kêpårå nudúhaké pratåndhå yèn dhèwèké iku sêjatiné wóng kang tunå ing råså
wêlas asíh lan miskín ing kawrúh.
(P) Kitå manungså iki ora kênå tansah ngantu-antu
têkané wêktu kang bêcík, jêr wêktu kang bêcík iku sêjatiné kudu kitå dhéwé sing
gawé. Kitå kudu tansah élíng yèn sabarang tingkah lan tandúk kitå ing dinå kang
siji iku nggåwå kêputusan tumrap dinå sijiné. Déné dinå kang pungkasan iku kang
mutúsaké sakabèhíng wêktu lan dinå-dinå kang wis kapungkúr. Mulå
sadurungé kitå tumapak marang dinå pungkasaning uríp, dipådhå biså nglungguhi
marang jêjêríng uríp manungså.
(P) Wóng nandhang lårå mono akèh síng mêrgå anggóné
ngombé lan mêmangan kliwat takêr lan tanpå pilíh-pilíh. Mulå kanggo nyandhêt
ubalíng håwå marang bab sakaroné mau, dibiså marsudi nyudå nuruti kêcaping
lidhah sarånå nglakoni påså kang mêngku ancas nyingkiri sadurungé katamaning
bilahi.
(P) Wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan kamúlyan
iku dibiså marsudi amríh langgêng, åjå banjúr kalimpút watak jubriyå lan
sêmbrana sing sisíp sêmbiré biså kêjlungúp tibå ing kasangsaran. Yèn wís
mangkono múng råså gêtún lan piduwúng sing kari ing pamburiné.
(P) Håwå napsu lan watak angkårå iku sawutuhé
manjíng ing dhiri pribadiné dhéwé-dhéwé. Yèn diumbar ngrêbdå bakal gawé
"Bêncånå lan kasangsaran". Suwaliké yèn bab mau biså dikêndhalèni
bakal njílmå dadi watak "Sabar lan prasåjå", tulús éklas awèh
pangapurå marang sapådhå-pådhå síng gawé kaluputan.
(P) Tapaning ati iku múng têmên, yèn tapaning nyåwå
múng élíng. Síng såpå bisa élíng sêdinå sêpisan baé, adaté barang kang sinêdyå
bakal ånå. Síng såpå têmên salawasé, kabèh pangajabé bakal kêcandhak. Déné kang
aran sêjatiníng katêmênan iku sakabèhíng pakarti kang ditindakaké klawan madêp
mantêp tanpå mandhêg-mangu lan tolah-tolèh, saénggå sabarang kêkarêpané bakal
ginayúh.
(P) Wóng iku yèn lagi nandhang lårå lagi biså
ngrasakaké sêpirå munggúh bêgjané wóng kang kanugrahan awak kang tansah
kuwarasan. Nangíng suwaliké, wóng síng awaké sêgêr waras lumrahé lali rêkasané
wóng lårå. Sangsåyå adóh kélingané, sangsåyå cêdhak anggóné ngumbar håwå nuruti
pêpinginané mripat, ilat, lan têlíh (wadhúk, wêtêng) kang sêjatiné ngajak
marang rusakíng rågå. Mulå prayogané tansah élinga pêrihíng lårå kanthi
nggêmatèni kanikmatan kang wís diparingaké déníng Gústi Allah tan kêna
kinayangåpå ajiné, yaiku wujúd awak kang bagas kuwarasan.
(P) Manungså pinaringan déníng Pangéran péranganíng
awak kang kalarasaké karo gumêlaríng bêbrayan. Pinaringan mripat loro, pêrluné
supåyå akèhå kang didêlêng, yå kang ngênani ubêr ingêring alam, ålå bêcikíng
kahanan, lan owah gingsiríng jaman. Liré, supåyå linarasna kanthi lantipíng
panggraitå. Pinaringan kupíng loro, murih akèhå swårå kang dirungókaké, nuli
kathinthingana lan kasaringa kanthi lungidíng panyiptå lan alapên kang awèh
pakolèh. Pinaringan tangan loro, sikíl loro, supåyå akèhé kang ditandhangi,
pilihên kang murakabi kanggo bêbrayan agúng.
(P) Pancèn ora ånå wêwalêr ing jagad iki tumrapíng
wóng kang nglumpúkaké donya brånå. nangíng kitå kudu tansah élíng yèn donyå
brånå mono dudu panggónané kalanggêngan. Nabi Muhammad wús paríng sabdå:
"Ora prayogå ninggalaké kadonyan margå nglakóni akhérat. Nangíng jênêng
wóng kang nisthå såpå kang ninggalaké bab akhérat margå múng golèk donyå brånå
tanpå waspådå marang pungkasaníng dumadi."
(P) Brangating ati sabiså-biså kêndhalènånå, åjå
diububi nganti muntab dadi ubalíng nêpsu. Kåyådéné nyirêp gêni sarånå lêngå.
Napsu amarah mono isíh têtêp bakal tansah mbêbêdhag sêlawasé yèn tå ora
kinanthènan pikiran kang mênêp, lan ati kang élíng. Élingé ati lan mênêpíng
pikír bakal numusi muluré budi kang tundhóné biså dadi panyirêp sakèhing
pakartiníng sétan.
(P) Wóng kang ringkíh iman lan batiné bakal gampang
dadi jujugané dúrjånå apús-apús kang patíng sliwêr golèk mangsan. Pirang-pirang
kèhé wóng kasêlak pêrcåyå rêmbúg pangimíng-imíng ora pinikír bakal kêdadéyané
ing têmbé. Wusanané nandhang kapitunan lan kênå ing apús. Mula ditansah
waspådå, åjå lirwå ing kaprayitnan.
(P) Samångså-mångså thukúl plêtikíng pikír kang
kasarung déníng ubalíng nafsu ålå, yogyané sumênêpnå sauntårå. Yèn biså kåyå
mangkono karan wóng wicaksana, jalaran kêjaba biså nglêrêmaké ati kanthi
mênêpíng pikirmu ugå bakal kêcónggah nyirêp ubalíng nafsumu mau. Wusånå rahayu
kang tinêmu mêrgå biså sumingkír såkå mêmålå kang têkå arêp ngrêridhu awakmu.
(P) Wóng kang sêngsårå uripé jalaran ånå róng
warnå. Kapisan såkå kaluputané dhéwé, kang kapindho mêrgå såkå pokalé dhéwé.
Síng kapisan iku paribasané tanêm tuwúh kang tansah kodanan lan kêpanasan ora
diopèni, déné síng kang kapindho paribasané tanêm tuwúh kang tansah diapèk
asilé nganti ora kobêr thukúl gódhóngé.
(P) Yèn sirå uríp ing alam donya iki rumångså nampå
pandúm kêsêthithikên iku wís dadi pêpêsthèné urípmu, ora pêrlu mbók murinani.
Pamurinamu prayogå lipurên sarånå mawas lêlabuhanmu dhéwé, jêr lêlabuhan ing
alam donya mono dadi trajuníng akèh sêthithiké pandúmmu.
VIII. Memayu
Hayuning Budi Lan Tekad:
(P) Yèn gêlêm nalusuri sêjatiné ora sêthithík
piwulang lan pitutúr bêcík kang malah kitå tampå såkå wong-wong gawané nacad lan
ora dhêmên marang kitå, katimbang mitrå katrúh rakêt kang tansah ngalêmbånå.
Awít panacad bisa nggugah kita nglêmpêngaké laku, déné pangalêmbånå kêpårå biså
nyêbabaké wong kêrêp dadi lali.
(P) Manåwå kowé durúng mangêrtèni marang bab kang
kok anggêp ora bêcík, åjå kêsusu ngatonaké råså sêngítmu, gêdhéné nganti maoni
lan nglairaké panacad. Awít kawruhana yèn pikirané manungså iku tansah
mobah-mosík lan molak-malík. Åpå kang kok kirå ålå lan kok gêthingi iku ing
têmbé mburi biså malíh kok sênêngi, kêpårå malah biså dadi gantungané urípmu.
(P) Karêpé wong nyatúr alaníng liyan iku bêtèké
múng arêp nudúhaké bêciké awaké dhéwé. Yèn síng diajak nyatúr wong kêmplo,
pamríh síng kåyå mangkono mêsthi katêkané. Nangíng tumrapíng wong múrsíd:
"Wong kang ngumbah rêrêgêd ing awaké sarånå migunakaké banyu pêcêrèn malah
såyå nudúhaké blêntongé pambêgané".
(P) Têmbúng kang prayoga kang kêlair múng margå
kadêrêng déníng dayaníng håwå napsu iku pancèn sakålå iku biså awèh råså
pêmarêm. Nangíng sawisé iku bakal awèh råså gêtún lan panutúh marang dhiri
pribadiné dhéwé kang satêmah tansah bisa ngrubédå marang katêntrêmaníng pikír
lan ati. Gunêman sêthithík nagíng mêmikír akèh iku kang tumrapé manungså bisa
awèh katêntrêman lan kråså marêm kang gêdhé dhéwé.
(P) Siji-sijiníng dalan amríh kalêksananíng
gêgayuhan, yåiku makarti kang sinartan kêpêrcayaan lan kêyakinan mênåwå åpå
kang sinêdya mêsthi dadi. Yèn kita múng kandhêg ing gagasan lan kukuhíng karêp
baé, tanpå tumandang lan makaryå minangkå srånå panêbusé, wohé yå ora bédå kåyå
déné ing pangimpèn. Cilakané manèh, yèn sêlaginé nganggít-anggít mau wís
kasêlak ngrasakaké kanikmatané ing pangangên-angên, wusanané dadi lumúh ing
gawé lan wêdi ing kakéwúh (wêdi kangèlan).
(P) Ora bédå karo rob lan surudíng sêgårå, kahanan
uripíng manungså iku ugå ora biså uwal såkå bungah lan susah. Kang pêrlu
dicilêngi ing kéné yåiku åjå kasêlak kêbacút kêrêm kalimpút ing kabungahan lan
åjå kasêlak gampang anglês yèn lagi kapinujon apês. Awít kasusahan iku sok
malah bisa ngêntas kitå såkå kaluputan lan kabodhowan, saugêr insyap marang
dhiriné lan ora mupús, åpådéné tansah pêrcåyå marang Kang Kagungan Panguwaos.
(P) Mênangi jaman rêbutan råjåbrånå, akèh wong kang
pådhå kalimpút, mèlu-mèlu tumindhak nisthå. Ora élíng yèn sêjatiníng uríp ing
donyå iku ora ngupåyå råjåbrånå baé, nangíng ugå mangèsthi kamúlyan ing têmbé.
Uríp ing satêngahíng godhå rêncånå, nangíng têtêp tumindak utåmå, prêsasat tåpå
ing satêngahíng cobå. Såpå kang santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah
ngugêmana sêbutíng pitutúr : "Sabêgjå-bêgjané kang lali nganti kèlu
pênggawé sasar, isíh bêgjå kang panggah élíng lan waspådå têtêp ing panggawé
utåmå".
(P) Yèn sirå kasinungan ngèlmu kang marakaké akèh
wong sênêng, åjå sirå malah rumångså pintêr, jalaran mênawa Gústi Allah mundhút
bali ngèlmu kang marakaké sirå kalokå mau, sira banjúr kåyå wong séjé (owah),
malah bisa "Aji godhong jati akíng".
(P) Såpå kang katrêm mêrgå lagi pinaringan
kêkuwasaan iku sêjatiné malah dadi sumbêríng dunungíng wong lali, gampang lirwå
ing kaprayitnan, lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yèn lagi kuwåså,
adhakané banjúr ngångså-ångså kêgêdhèn panjångkå. Kanggo nggayúh panjangkané,
sakèhíng cårå ditêmpúh. Ora maèlu sênadyan nganti mêntålå gawé sangsarané mitrå
karúh. satêmah múng dadi lêlêthêg kang luwíh aji uwúh.
(P) Ilat kuwi sawijiníng pêdhang kang landhêp, kang
bisa matèni sênajan tanpå ngêtokaké gêtíh.
(P) Ora ånå critané wóng kêjungkél iku margå
kêsandhúng watu gêdhé, síng mêsthi mêrgå kêsandhúng watu síng cilík. Yèn tatuwå
yå margå såkå watu krikíl-krikíl síng lancíp-lancíp. Bab mau awèh pitudúh
supåyå kitå åjå nyêpèlèkaké marang barang síng katóné sêpélé ora mingsrå,
nagíng sêjatiné kêpårå malah gampang dadi dhadhakané wóng njungkêl njêmpalík
tibå ing påpå.
(P) Wóng sugíh síng lumúh kélangan bandhané nadyan
kanggo kêpêrluwané dhéwé iku ora liya sababé margå tansah kuwatír yèn dhèwèké
tibå ing kêmlaratan. Nangíng ora ngêrtiya yèn dhèwèké ing wêktu iku
sêjatiné wis pådhå karo wóng mlarat. Uripé kêpårå luwíh sangsårå
katimbang wóng kêsrakat, kang batiné tansah ora narimakaké marang adilíng Kang
Múrbèng Dumadi.
(P) Dêrêng nêdyå pamèr utawa riyå iku têrkadhang
munculé dadakan kåyå-kåyå tanpå rinåså ing nalikå kitå pinuju sêsrawungan karo
wóng liyå. Mulå prayogå kita tansah waspådå ngêndhalèni dhiri. Déné kang
kinaran dêrêng utåwå nafsu sênêng pamèr kang gampang dinêlêng lan sinêksèn
déníng wóng liyå iku aran riyå kang pratélå (cêthå), utåwå ngêdhêng. Bêcík kitå
singkiri. Wóndéné dêrêng sajróníng laku panêmbah, arang kang disumurupi wóng
liya. Luwíh-luwíh yèn lagi kapinuju ånå ing papan kang sêpi. Sók ngonowa
élinga, yèn Gústi Allah iku tansah ngudanèni.
(P) Kabèh salakuné (tumindaké) wóng bodho iku
ésthiné nggawé híkmah lan piwulang bêcík tumrapíng wóng kang ahli budi. Awít
såkå samubarang kang ora bêcík kang dilakoni wóng bodho déníng pårå ahli budi
banjúr kari ngêmóhi lan dadi pandóming uríp kang pêrlu disiriki lan disingkiri.
Suwaliké wóng bodho sungkan nyuplík lêlakón bêcík kang dialami pårå ahli budi.
Mulå ora jênêng aèng yèn akèh pårå bodho síng uripé têtêp kasurang - surang lan
pårå ahli budi kang tansah rahayu ing uripé.
(P) Åjå sók rumangsa tinitah apês nganti gawé
pêpêsíng sêmangatmu. Malah prayogå dinarimå marang åpå kang wis sirå
tampå såkå kanugrahaning Gústi Kang Maha Kuwåså. Awít ngélingånå mênåwå ora
kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwíh cacad tinimbang sirå,
suprandéné dhèwèké babar pisan ora kawêtu nutúh marang Gústi Allah. Kang
mangkono mau ora liyå margå såkå kandêlé imané lan yakín marang kêadilaníng
Pangéran Kang Måhå Kuwåså marang sakabèhíng lêlakón kang dumadi ing jagad raya
iki.
(P) Ngalêmbånå lan panacad iku pådhå baé panindaké.
Liré, tarikané napas pådhå, kêdalíng ilat pådhå lan obahíng lambé yå pådhå. Sók
ngonowa najan rêkasané utåwå gampangé pådhå, nangíng olèh-olèhané utåwå wóhé
síng ora pådhå. Ing ngadat kêjåbå sók adóh sungsaté, ugå malah sêríng kósók
balèn. Sing siji biså ngrakêtaké pasêduluran sijiné pådhå baé karo golèk
dadakan nandúr råså mêmungsuhan.
(P) Åjå ndarbèni pêpinginan dadi wóng kang linuwíh
kang ngandhut idham-idhaman supåyå sarêmbúgé diandêlå wóng akèh. Luwíh prayogå
tansah njågå baé barang rêmbúgira kanthi bêcík, patitís lan maédahi. Karo manèh
tindak tandúk kang ngrêsêpaké, luwíh-luwíh kang bisa awèh paédah marang wóng
liyå iku ajiné ngungkuli sakèhíng pitutur kang ndhakík-ndhakík nangíng kang
durúng kabuktèn ånå ing panindak. Mulå kuwi tansah udinên amríh wêtuníng rêmbúg
"Kêplók lumah kurêpé" karo tindakirå.
(P) Kang kinaran manungså winasís yåiku wóng kang
wís kaconggah mbênêraké tindak kang mlèncèng. Déné asór-asóring budiné manungså
iku ora kåyå wóng kang mlèncèngaké tindak kang wús bênêr. Adaté sipat kåyå
mangkéné iki thukúl margå kasurúng déníng ati drêngki srèi. Kamångkå såpå kang
ngadani ati drêngki lan panastèn iyå ing wêktu iku dhèwèké wiwít nyikså ing
awaké dhéwé, lan uripé ora bakal bisa têntrêm.
(P) Samangsané kowé diclatu wóng kanthi sêngak åjå
kók walês sanalika kanthi têmbúng (rêmbúg) kang sêngak lan atós. Prayogå
tanggapana måwå pakarti kang alús lan sarèh. Jêr, yå klawan laku kang kåyå
mangkono iku, kowé bisa ngêndhakaké watakkang panasbaran, lan bisa ngasóraké
sipat kang lagi kasinungan iblís.
(P) Ing ngêndi dunungé pamarêm lan katêntrêman?
Sakíng ungêlé mapanaké råså, nganti mèh ora ånå wóng rumångså marêm lan têntrêm
uripé. Sabanjuré banjúr kêpiyé? Iyå kudu tlatèn ngolah budi. Dóh ånå råså mèri
lan drêngki amríh gorèhing pikír bisa tansah sumingkír.
(P) Têpå slirå lan mawas dhiri iku dadi óbóríng
laku nggayúh rahayu, minångkå jimat paripíh tumraping ngauríp. Munggahé biså
nyêdhakaké råså asih lan ngêdóhaké watak drêngki lan dak-wênang marang
sapêpadhané. Srêgêp mawas dhiri atêgês bakal wêrúh marang kêkurangan lan cacadé
dhéwé, saénggå wusanané thukúl grêgêd ndandani murih apiké.
(P) Kita iki kêjåbå ndarbèni badan wadhag lan
pancadriya, ånå siji êngkas darbèk kitå kang ora kênå ginrayang lan ora kasat
måtå, nangíng ajiné tan kênå kinåyå ngåpå, yåiku osikíng ati kang ajêg
ngélikaké kita marang lurusing laku samångså kita kêtaman plêtikíng cípta ålå,
munggahé katuwúhan krêntêg nindakaké laku ngiwå. Mulå pomå-pomå, tansah bisowå
ngrungókaké osikíng atimu, awít iku kang ngajak sapari-polahmu tumuju mênyang
karahayóning urípmu.
(P) Nggayúh kaluhuran mono atêgês ngupåyå
tataraníng uríp kang luwíh dhuwúr. Yå dhuwúr ing bab lahiré, ugå ing batiné.
Liré, síng murakabi kanggo dhiri pribadiné, sumrambahé tumrap bêbrayan agúng.
Såpå kang múng mligi nggayúh kaluhuraning lahír baé, atêgês múng mburu drajat,
sêmat lan pangkat. Durúng aran jêjêg uripé. Suprandéné såpå kang múng ngêmúngaké
kaluhuraníng batín, atêgês ora nuhóni jêjêríng manungså ing alam donya, yaiku
tumandang ing gawé.
(P) Akèh wóng kang sadurungé nyobå ngayahi
pagawéyan wís dipantók dhisík sarånå têmbúng "Ah, aku ora biså".
Dayaning têmbúng "Ora biså" satêmah numusi ora biså têmênan. Awít
êntèk-êntèkané pocap mangkono iku atêgês ngapêsaké awaké dhéwé. Luwíh déné
manéh banjúr lumúh ing pambudi. Samubarang kang diudi ora bakal dadi. Kang ora
diluru tangèh bisané kêtêmu. Mulå pêrcåyåå marang dhiri pribadi. Cíptanên kanthi
manthêng ing ati lan énggal makartiyå. Kêkuwataning manungså iku dumunúng
sajroníng cíptå, saugêr sinartanan pamarsudi klawan têmên-têmên. Dayaníng ciptå
cêtha bakal nêkakaké sêdyå.
(P) Aja sók nggrêsulå!, Wruhana yèn pangrêsulå iku
sawijiníng målå, déné panggrêsah mono agawé bubrah. Yèn wís nggrêsah padatané
banjúr lali marang kêwajibané kang kudu diayahi sartå kêmba marang sadhêngah
pakaryan. Síng såpå ésúk-ésúk wís sambat ngaru-årå ing bab ngrêkasané anggóné
uríp, wóng mau prêsasat mbutóni sumbêríng pangupå-jiwané dhéwé. Ora trimå
marang pandúm pêparingé Pangéran Kang Múrbèng Dumadi.
(P) Yèn kowé kêpingín mulyå urípmu, lakónan åpå
kang kók gagas-gagas rikalané kowé nandhang sêngsårå utåwå lårå. Awít ing
mångså-mångså kåyå mangkono mau manungså banjúr kêtuwuhan budiné kang murni,
yåiku watak kang sarwå kêbak wêlas-asíh lan ngêrti sêpirå pêrluné wóng kang
tansah ambudi amríh åjå nganti nêmóni kacingkrangan.
(P) Wóng kang wís kinaran "suksès" iku,
yaiku : wóng kang wís ngêtóg kadibdyané, ngudidåyå nganti kêcandhak gêgayuhan
lan idham-idhamané laras karo kêpinginané. Têkané "suksès" durúng
atêgês tamatíng critå, nanging malah kudu tansah luwíh waspådå, prayítnå lan
ngati-ati. Jalaran adhakané wóng síng wís "suksès" iku banjúr kurang
kaprayítnané, sêmbrånå lan gumampang ing sabarang tumindaké, kang lupút sêmbiré
biså klênggak. Mulå sawijiníng "suksès" iku anggêpan kayadéné
sawijiníng pandadaran kanggo lêstariníng pênggayúh bêcík.
(P) Sabên wóng mono pancèn nduwèni nafsu. Awít
tanpå nafsu wóng ora bakal duwé krêkat kêpéngín maju. Múng baé wóng kudu biså
milah-milahaké nafsu êndi síng kudu dicandhêt, lan nafsu síng kêpriyé síng kudu
diunggar. Nafsu kang bakal nêkakaké bilahi tumraping awaké dhéwé lan wóng liyå
kudu biså dicandhét, déné nafsu kang pêrlu diunggar yåiku nafsu kang êmpané
tumuju marang karahayóníng sapådhå-pådhå.
(P) Hukúm alam wís nêtêpaké, såpå kang nandúr
mêsthi ngundhúh. Déné åpå kang diundhúh iya manut wijiné kang ditandúr. Yèn
síng ditandúr winíh alang-alang, ing têmbé iya åjå ngarêp-arêp yèn bisa bakal
panèn pari, iku gênah nyalahi kodrat. Mulå mumpúng isíh ésúk, nandura wiji
cíptå lan pênggawé kang bêcík-bêcík. Awít élingånå, yèn akèh sêthithík anak
putu kita ugå bakal katut mèlu ngrasakaké paít gêtiré wóng kang bibité ditandúr
déníng wóng tuwané.
(P) Såpå síng duwé panjångkå kudu wani jumangkah,
jêr katêkaníng sêdyå iku múng biså maujúd mênåwå dilakóni lan ora nyimpang såkå
katékadané. Karêp lan sêdyå, jångkå lan panuwún, iku saumpama wóng lêlungan
mono tumuju papan kang arêp diparani utåwå dijujúg. Déné kêkarêpan iku kudu ånå
kanthiné, yåiku nalar utåwå pêcahíng nalar. Jalaran kêkarêpan kang tanpå nalar
iku ora bédå karo karêpé bocah cilík. Kêjåbå tanpå têgês, ugå sók tanpå wasånå,
satêmah ora ånå dadiné.
(P) Sêbab-sêbab kang gawé cilikíng ati lan
cêklèkíng sêmangat iku adhakané dumunúng ing gêgambarané pikiran kang sarwå
nguwatiraké marang lêlakón kang durúng kêlakón, têmahané pikiran dadi pêtêng,
lumúh ihtiyar lan kóncadan grêgêtíng makaryå. Katimbang nyumêlangaké barang
kang durúng biså ginrayang rak luwih bêcík åjå pêgat ing ihtiyar kanthi nênuwún
marang sihíng Kang Múrbèng Kuwasa, jêr iyå múng Panjênêngané kang múrbawaséså
uríp kitå iki. Klawan mangkono istingarah kowé ora bakal ngédhap ngadhêpi
sakèhíng lêlakón.
(P) Kêrêp nggrêsah lan ngrêsulå iku nudúhaké
karingkihané tékad. sênajan dingrêsulanan sêdinå píng pitulikúr, ora biså owah
nasibé. Nggrêsah lan ngrêsulå iku pådhå karo sambat. Wóng sambat iku kênå baé,
nangíng yèn isíh kêdugå åjå dhêmên sambat. Ngrêsulå biså dadi målå, panggrêsah
biså gawé bubrah, déné pisambat iku dalané wóng kang sênêng mlarat, jalaran
sakèhíng gêgayuhan kang disangkani sarånå sambat mono adaté múng gayúk-gayúk
tunå, åpå kang digayúh tanpå ånå kabúl wusanané.
(P) Dhasar prêmati tumraping wóng duwé tékad lan
duwé gêgayuhan yaiku tékad budi santoså. Sarana ndulu kåcåmåtå bênggålå kang
kitå alami sabên dinå, têtêg kawêgigané pikír baé ora mujúdaké gaman pamungkas
tumrap kasêmbadaníng sêdyå. Mulå yèn múng ngêndêlaké marang punjúlíng nalar lan
móncèríng kawrúh baé, tanpå mêngkóni ing budi santoså, atiné gampang
miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sêsóngaran síng adhakané síng
uwís-uwís banjúr kacênthók påncåbåyå, ubayané banjúr mbalénjani.
(P) Ora ånå tindak kang luwíh déníng mbêbayani lan
ndrawasi marang awaké dhéwé, kêjåbå nindakaké pégawéyan kanthi srêmpêng síng
juntrúngé múng ngoyak dêrêngé panguwåså, drajad lan båndhå. Pakarti mangkono
adaté ora mêmpan marang pitutúr bêcík lan panêmuné liyan kang wigati, anané
múng råså mélík kang nggéndhóng lali.
(P) Siji-sijiníng margå amríh kalêksanané gêgayuhan
iku yå kudu sarånå makarti. Yèn kitå múng kandhêg marang ngunggar-unggar karêp
lan nganggít-anggít gagasan baé, tibaníng ênggón múng kåyå ing pangimpèn.
Luwíh-luwíh mênåwå salaginé nggagas-nggagas mau kasêlak kêsusu ngrasakaké
kanikmatané pêngangên-angên, wusånå tumús dadi lumúh ing gawé lan wêdi ing
pakéwúh.
(P) Ngakóni kaluputan iku ora atêgês ngasóraké
dhiri. Nangíng sawijiníng tåndhå yêkti yèn wóng mau wís biså kinaranan maju
satindak ing laku kautaman. Kósókbaliné såpå kang suthík ngrumangsani
kaluputané, atêgês wóng kang ora nduwèni budi pêkêrti. Wóng kang ora nduwèni
donyå brånå iku sinêbut mlarat. Wóng kang ora nduwèni pikiran iku luwíh mlarat.
Déné wóng síng ora kadunungan budi pêkêrti mono klêbu mlarat-mlaraté wóng.
(P) Kang kók kandhakaké putíh iku durúng karuwan
putihíng (suciníng) ati, biså ugå múng wujúd putihíng pupúr síng kandêl waråtå.
Lan síng kók kandhakaké abang iku durúng tinamtu abangíng (kêkêndêlaníng)
bêbênêr nangíng biså ugå múng abangé lambé kang kêcónggah njlómpróngaké marang
jurang kang jêro. Déné síng kók kandhakaké rêsík, iku durúng mêsthi rêsikíng
ati, nanging adaté múng wujúd rêsikíng sandhangan rinênggå ing sotyå abyór kang
biså mblêrêngaké mripat.
(P) Ngunggar wêtuníng kêkêndêlan síng múng kadêrêng
såkå dayaníng pangójók-ójók iku kêrêp ora murni. Tandang lan trajangé kang akèh
banjúr múng kabróngót panasbaran. Wusanané malah sók bakal nunjang palang,
bêbathéné kósók balèn karo kang sinêdyå. Mulå minångkå gêgóndhèlané kapitayan,
kêkêndêlan iku prayoga kadhasarana råså sumungkêm marang Kang Múrbèng Dumadi,
niyat lêladi marang sapêpadhané titah. Yèn wís mangkono sakèhíng cak-cakané
pakarti mêsthi tansah patitís lan mikolèhi.
(P) Têtêpíng råså kamanungsan iku ora margå såkå
kawrúh lan kapíntêran kang wís dianggêp luwíh luhúr ing salumahé bumi, nangíng
múng jalar såkå kadunungan têlêsíng råså asíh marang sapêpadhaning tumitah.
Déné råså åsíh mau ciniptå såkå patrap anggóné rêkså-rumêkså lan sugíh ing
pangapurå sartå tansah kinanthênan pangucap lan pasêmón síng bisa gawé rêsêp
lan ora natóni atiníng liyan. Kawruhånå, mênåwå kapintêran kang ora kinanthènan
kautaman iku sêjatiné luwíh mbêbayani tumrapíng bêbrayan katimbang karo bodho
kang linambaran ing budi rahayu.
(P) Nglêngkårå wóng biså luwar babar pisan såkå
panggodhå. Sêbab, sumbêré panggodhå iku ora liyå iyå múng såkå awaké dhéwé.
Sing såpå múng nyingkiri panggodha kang kasat måtå baé, ora dibêdhól têkan
óyód-óyódé, adhakané bakal kêtaman pakéwúh lan godhå kang luwíh gêdhé manèh. Sók
ngonowå yèn wóng tlatèn lan sarèh, kanthi kêncêngíng tékad kang gilíg, mêsthi
bakal bisa mêntas såkå rêridhu. Åjå múng mandhêg ing panggrantês, nutúh awaké
dhéwé, åpå manèh yèn nganti nguman-uman marang wóng liyå.
(P) Yèn ing donyå iki manungsané síng sugíh uripé
ora mbêthithil, kêpårå malah dhêmên têtulúng marang kang kêcingkrangan, déné
sing duwé kêpintéran adóh såkå karêp kanggo mintêri liyan, kêpårå malah dadi
papan jujugané wóng têtakón, gênah kahanané donyå bakal ayêm têntrêm, adóh såkå
rêridhu lan kalís såkå godha rêncånå.
(P) Wóng kang lagi karêjêkèn åjå kadúk anggóné
bungah, kósókbaliné åjå kadúk nêlångså samangsané nêmahi rêribêd lan nandhang
susah, gêdhéné nganti nggêtuni barang kang wís kêlakón. Awít kadúk bungah mau
bakal ngilangi kaprayítnan, kadúk susah njalari ati tansah kêmbå, lan tangèh
lamún bisa uwal yèn ora dibudèni sarånå tumandang makaryå.
(P) Yèn darbé karêp lakónana kanthi gêmblèngíng
tékad kang nyawiji, adhêpånå sarånå makarti kang madhêp lan mantêp. Sanguné
kudu ati síng tatag, ora ngêdhap nadyan mangêrti yèn dalan kang diambah kêbak
parang curi. Yèn tansah rongèh lan rangu-rangu, atêgês múng wani ing gampang,
wêdi ing pakéwúh, samubarang kang sinêdyå ora bakal ginayúh.
(P) Manungså iku bisa kinaranan uríp yèn isíh duwé
karêp lan pangarêp-arêp.Nangíng yèn karêp mau múng kandhêg ing pangangên-angên
lan gagasan baé, ora bédå manungsa kang mati sajroné uríp. Kósókbaliné yèn
anggóné nandangi karêpé mau kasêlak kêsusu nikmati pikolèhé kang durúng klakón,
gênah anggóné makarti múng anggêr baé. Kêpårå bakal mundúr yèn ngadhêpi
pakéwúh, satêmah dadi wóng lumúh.
(P) Wóng kang kêbak déníng pêpinginan iku adaté
banjúr ngångså-ångså, mulå lakuné ugå banjúr miyar-miyur. Kêpêngkók gawé
sêthithík baé síng digêdhèkaké pangrêsulané, tundhóné atiné gampang pêpês lan
nglokro. Bédå karo wóng kang wicaksana uripé mêsthi måwå tékad lan tujuwan.
Bêbasan tiba kapíng pitu gumrêgah tangi kapíng wólu ngrungkêbi tékad lan
tujuwané.
(P) Anggêr wóng wís mêsthi suthík diarani cupêt
nalaré, cilík atèn, lan kêndho tékadé. Mulané yèn darbé karêp åjå mundúr mêrgå
lupút sêpisan pindho baé, prayogå ambalånå manèh nganti katêkaníng sêdyå.
Samubarang pêgawéyan mênåwå kók têmêni wiwít saiki mêsthi bakal bisa ngundhúh
bagéyan lan kauntungan. Åpå kang kók sêdyå bakal tumêkå, pituwasé lagi kêtêmu
mburi.
(P) Sarupané pakaryan kang wís kók yakini bêcikíng
asilé tumuli énggala katindakna, åjå ngêntèni liyå wêktu. Jêr kêkêncêngan sartå
kêkarêpan iku yèn diêndhé-êndhé ora mundhak kuwaté. Nangíng malah mundhak
ringkíh lan biså ugå ilang dayané. Sipat sênêng ngêndhé-êndhé iku mujúdaké
dalan kang anjóg marang watak ora antêpan lan kêsèd, sungkan ing gawé síng
tundhóné dadi tanpå aji uríp ing bêbrayan.
(P) Wóng kang sinêbút bêrbudi uríp ing bêbrayan iku
ora múng wóng kang rumångså kasíkså nyumurupi sapêpadhané síng nandhang påpå,
nangíng wóng kang gampang runtúh wêlasé kang tinumbalan runtuhíng barang
darbèké lan dêduwèné kanggo têtulúng marang wóng síng kacingkrangan lan
kasangsaran. Nangíng kang kåyå ngono mau pancèn angèl golèk-golèkané. Tåndhå
yêktiné ing alam donyå iki ora sêthithík wóng síng mati margå kuwarêgên, lan
akèh wóng síng mati marga kalirên.
(P) Wóng mono åjå múng tumandang anggêr barès
nangíng kanthi laku kang ora bèrès. Dibiså tansah milah-milahaké êndi síng kêncêng
lan êndi síng nalisír såkå paugêran, sartå kulinakna nyirík marang pênggawé
musyrík, sinúng marang watak tulús lan ngukuhi kajujuran. Kawruhana, mênåwå ora
ånå pusåkå kang ampuhé ngluwihi kajujuraning ati lan wêningíng pikír kang sêpi
ing pamríh. Pamrihé múng sawiji, yåiku mangan karahayóning bêbrayan, ngluhúraké
kamulyaning bangsa lan nagara.
(P) Pangråså, pikiran lan kêkarêpan iku tansah
mbudidaya rêbut unggúl lan rêbút panguwåså anggóné murbå sapari polahé
manungså. Pangråså êmóh diungkuli pikiran. Pikiran sêmono ugå suwaliké. Wóndéné
kang móncól dhéwé sumêdyå mbalap ora gêlêm dipêkak yaiku kêkarêpan. Mulå
wajibíng manungsa kudu biså ngukuhi sifat manungsané. Dèn sranani kanthi
nanjakaké uripé mèlu ngrasakaké lan mêmikír marang ombak umbulíng jaman.
Tumandang ing gawé ngêsthi marang rahayuníng bêbrayan munggahé marang ajuníng
jaman.
(P) Sêlawasé uríp nglêngkårå wóng biså uwal babar
pisan såkå panggodha, jêr panggodhå iku sumbêré ora liya yå såkå awaké dhéwé.
Asalé tumuwúh såkå uwóhíng pikír kang ngayåwårå, banjúr katarík marang
kêkarêpan ålå kang wusanané mbabaraké pakarti nisthå. Såpå kang wiwitané énggal
tumandang nanggulangi panggodhå, bakal mundhak kasampurnané lan patut sinêbút
wóng kang santoså ing budi. Balík kang såpå tansah ngujå panggoda sêmåyå
nanggulangi, kêkuwatan batiné såyå lungkrah, bakalé bubrah dadi lêlêthêging
jagad.
(P) Wóng nandúr pari iku bakal ngundhúh pari, ora
bakal ngundhúh jagúng utawa kacang. Sêmono ugå pikiraníng manungså, ora bédå
karo mau. Yèn pikiran kita tansah kitå kulinakaké lan kitå pigunakaké kang
bêcík-bêcík yå bakal nduwèni dåyå kêkuwatan kang bêcík, satêmah biså awèh
pakaryan kang pêngaji tumraping bêbrayan. Mulå katimbang nggagas kang ora-ora
lan ngayawara, prayogané nggagaså marang laku utåmå lan múlyå. Lan luwíh utama
manèh mênåwå gagasan kang mangkono mau diwêdharaké dadi pakarti pisan.
(P) Råså was sumêlang iku nêrakané wóng síng arêp
nggayúh kêmajuan. Såpå kang wís kêtaman råså iki salawasé ora bakal biså maju.
Ing sabarang tandang tanduké sarwå tidhå-tidhå lan tansah awang-awangên
ngadhêpi kangèlan kang bakal mêmalangi laku. Kósókbaliné tékad iku rasa
cíptaníng karså kang wís gêmblèng. adi yèn ånå kêpénak lan orané bakal
didhadhagi lan ditêrjang wani. ang pinandêng múng bakal têkaning sêdyå. Nangíng
tékad mono bédå bangét karo nékad, jêr nékad kuwi uwóhíng pakarti kang tuwúh
såkå kajudhêganíng nalar síng tundhóné kêconggah tumindak nistha, mêrgå
kóncadan pêpadhang.
(P) Abótíng abót iku ora kåyå yèn kudu nuruti
préntah lan pitutúr. Pait lan ngrêkåså dikåyå ngåpå préntah lan pitutúr iku
prayogå lakónånå baé. lng suwaliké barang pait mau, kowé mêsthi bakal nêmu
barang lêgi síng ora klêbu ing pêtunganmu. Pancèn luwíh prayogå paité dhisík,
tinimbang lêginé. Awít bisané kowé ngrasakaké lêgi iku rak margå kowé wís
ngrasakaké pait. Biså níkmati kabungahan margå wís naté ngalami nandhang
kasusahan.
(P) Wóng kang múng dhêmên cêlathu lan muni-muni,
mangkå ora gêlêm tumandang gawé, gênah ora sumurúp marang kaluputané cêlatuné,
sabab cêlathu mono múng obahíng ati kang ånå ing lati, dudu obahing tangan síng
kanggo tumandang. Nangíng yèn wís tumandang gawé dhéwé, cêthå bakal mêruhi
marang luputíng cêlathuné. Mulå saibå bêgjané wóng kang biså cêlathu klawan
énggal-énggal tumandang gawé dhéwé.
IX. Memayu Hayuning
Bebrayan:
(P) Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani kúrban
lan ora wêgah ing kangèlan. Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing
kagayúh bisa digånthå lan tangèh lamún åpå síng diluru bisa kêtêmu. Makarti
wani rêkåså kanthi masrahaké urip lan jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså. Yèn
kêpingín mênang pancèn larang patukóné, yaiku kudu bisa nuhóni sêsanti:
"Surå dirå jayaníngrat lêbúr déníng pangastuti".
(P) Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké "Ora Lumrah
Uwóng", jalaran isíh dianggêp manungså. Yå múng solah tingkahmu kang kudu
kók owahi amríh ora gawé sêrikíng liyan. Cilakané yèn diunèkaké "Ora
Lumrah Manungså", jalaran kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi
lêlêthêging jagad margå pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan. Mula
énggal-énggala sumujudå marang Gusti Kang Múrbèng Dumadi. Sifaté Gústi Allah
mono sarwå wêlas asíh marang umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå
têmên-têmên bali tuhu marang dhawúh-dhawuhé.
(P) Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå
dêdånå síng ugå atêgês mbiyantu nyampêti kêkuranganing kabutuhané liyan. Dêdånå
marang sapêpådhå iku atêgês ugå mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså
lilå lêgåwå kang ugå atêgês angabêkti marang Pangéran Kang Måhå Wikan. Pancèn
pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi kitå ora ngajab marang baliné sumbangsih
kang kitå asúngaké. Kabèh iku síng kagungan múng Pangéran Kang Måhå Kuwåså,
kitå ora wênang ngajab wóhíng pangabêkti kanggo kitå dhéwé. Nindakaké kabêcikan
kanthi dêdånå kita pancèn wajíb, nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå ora
wênang.
(P) Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi yèn
siji lan sijiné biså êmóng-kinêmóng, istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå
padudón sêpisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi rakêtíng
sêsambungan. Nangíng suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat êmóng-kinêmóng
mau gênah långkå langgêngé, malah bédaníng panêmu sithík baé biså marakaké
dhahuru.
(P) Wóng kang ora naté nandhang prihatin ora bakal
kasinungan råså pangråså kang njalari têkané råså trênyúh lan wêlas lahír
batiné. Wóng kang wís naté kêtaman ing prihatin luwíh biså ngrasakaké
pênandhangé wóng liya. Mulå adhakané luwíh gêlêm awèh pitulungan marang kang
kasusahan.
(P) Sarupaníng wêwadi sing ålå lan sing bêcík, yèn
isíh kók gémból lan mbók kêkêt kanthi rêmít ing ati salawasé isih bakal têtêp dadi
batúr. Nangíng yèn wís mbók kétókaké sathithík baé bakal dadi bêndaramu. Isíh
lagi nyimpên wêwadiné dhéwé baé wís abót. Åpå manèh yèn nganti pinracåyå
nggêgêm wêwadiné liyan. Mulå såkå iku åjå sók dhêmên kêpingín mêruhi wêwadiné
liyan. Síng wís cêthå múng bakal nambahi sanggan síng sêjatiné dudu wajíbmu
mèlu opèn-opèn.
(P) Sók såpåå bakal nduwèni råså kúrmat marang wóng
kang tansah katón bingar lan padhang polatané, nadyan tå wóng mau nêmbé baé
nandhang susah utåwå nêmóni pêpalang ing panguripané. Kósókbaliné, wóng kang
tansah katón suntrút kêrêp nggrundêl lan grênêngan mêrgå ora katêkan sêdyané
iku cêthå bakal kóncatan kêkuwataníng batín lan tênagané, tangèh lamún éntukå
pitulungan, kêpårå malah dadi sêsirikaníng mitra karuhé.
(P) Kitå iki diparingi cangkêm siji lan kupíng loro
déníng Kang Måhå Kuwåså, liré mêngku karêp amríh kitå iki kudu luwíh akèh
ngrungókaké katimbang micårå. Yêktiné wóng kang dhêmên ngumbar cangkêmé
tinimbang kupingé iku adaté wicarané gabúg. Suwaliké síng akèh ngrungókaké,
wicarané sêthithík nangíng patitís lan mêntês. Pantês dadi jujugané sadhêngah
wóng kang mbutúhaké rêmbúg kang prayogå.
(P) Wóng kang tansah dhêmên ngupíng kêpingín wêrúh,
åpådéné nyampuri pêrkarané liyan, gêdhéné nganti nrambul urún ucap, iku pådhå
karo golèk-golèk mómótan kang sêjatiné ora prêlu, adhakané kêpårå malah
ngrêridhu awaké dhéwé.
(P) Ucap sakêcap kang kêlaír tanpå pinikír kêrêp
baé nuwúhaké drêdah lan bilahi. Mula wêtuné têmbúng satêmbúng såkå lésan iku
prayogå tan udinên aja nganti nggêpók prêkarané wóng liyå, gêdhéné nganti gawé
sérikíng liyan. Biså nyandhêt uculé pangucap kåyå mangkono mau wís klêbu
éwóníng pakarti kang utåmå. Nangíng généyå kók ora sabên wóng biså nglakóni?
(P) Wóng iku yèn wís kasókan kabêcikan lan rumangsa
kapotangan budi, ing sakèhíng pakartiné lumrahé banjúr ora kêncêng lan rêsík.
Mulané tangèh lamún yèn biså njågå jêjêgíng adíl, awít lésané kasumpêtan,
mripaté bêrêng, kupingé budhêg. Atiné dadi mati, angèl wêrúh ing bêbênêr. Mulå
såkå iku åjå gumampang nåmpå kabêcikané liyan, samångså tujuwané ngarah marang
pênggawé kang nalisír såkå bêbênêr.
(P) Åjå kasêlak kêsusu nyêpèlèkaké liyan, margå kók
anggêp wóng mau bodho. Awít ånå kalamangsané kowé mbutúhaké rémbúg lan pituturé
wóng iku, síng kanyatané biså mbéngkas lan nguwalaké såkå karuwêtanmu. Pancèn
ing sawijiné bab wóng biså kaaran bodho, nangíng ing babagan liya tangèh lamún
yèn kowé biså nandhingi.
(P) Yèn micårå åjå gumampang nêlakaké pênacad utawa
pangalêm, luwíh- luwíh nganti mêmaóni. Awít wicaramu durúng karuwan bênêr. Síng
mêsthi panacad mau gawé sêrík, pangalêmé nuwúhaké wiså, déné waónané ora
digugu, kabèh swårå ålå. Mulå kang prayogå iku múng mênêng, jalaran mênêng iku
yêktiné pancèn mustikaníng ngauríp.
(P) Udinên ing alam donya iki åjå ånå wóng kang kók
sêngiti, supaya ora ånå wóng sêngít marang kowé, balík sabiså-biså pådhå
trêsnanånå. Amargå lêlakón ing alam donya iki anané múng walês-winalês baé.
Déné yèn kêpêkså kowé sêngít marang sawijiníng wóng, mångkå kowé ora biså
mbuwang sêngítmu, gawénên wadi åjå ånå wóng kang ngêrti. Yèn kowé ngandhakaké
sêngítmu marang liyan, prasasat kowé mamèraké alané atimu.
(P) Ajiníng dhiri ånå ing lati. Ajiníng rågå ånå
ing busånå. Mula dèn ngati-ati ing pangucapmu, sêmono ugå anggónmu ngadi busånå
kang bisa mapanaké dhiri.
(P) Wóng pintêr
kang isih gêlêm njalúk rêmbugíng liyan iku dianggêp manungsa utúh. Såpå síng
rumangsa pintêr banjúr suthík njaluk rêmbuging liyan kuwi manungsa sêtêngah
wutúh. Lan síng såpå ora gêlêm njalúk rêmbugíng liyan, iku bisa kinaranan babar
pisan durúng manungså.
(P) Yèn atimu wis gilíg arêp gawé
kabêcikan kanggo karaharjaníng bêbrayan, bêratên råså uwas marang pandakwå ålå
kang ora nyåtå. Srananånå kanthi jêmbaríng dhådhå lan sabaríng nålå, amríh bisa
nuwúhaké gêdhéníng prabåwå lan cabaríng sakèhíng piålå.
(P) Wicårå kang wêtuné kanthi tinåtå runtút kang
awujúd sêsulúh kang amót piwulang bêcík, ajiné pancèn ngungkuli mas picís
råjåbrånå, biså nggugah budi lan nguripaké pikír. Nangíng kawuningånå yèn
grêngsênging pikír lan uripíng jiwå iku ora biså yèn múng kagugah sarånå wicårå
baé. Kang wigati yaiku wicårå kang måwå tandang minångkå tulådhå. Jêr tulådhå
mono síng biså nuwúhaké kapitayan. Luwíh-luwíh mungguhíng pårå manggalaníng
pråjå kang wís pinracåyå ngêmbani nuså lan bångså.
(P) Luwíh bêcík
ngasóraké rågå tinimbangané ngóngasaké kapintêran kang sêjatiné isíh nguciwani
bangêt. Ngóngasaké kapintêran iku satêmêné múng kanggo nutupi kabodhowané, jêr
kabèh mau mêrga råså samar lan was sumêlang yèn ta kungkulan déníng
sapêpadhané. Tindak mangkono mau malah dadi sawijiníng godhå kang múng bakal
ngrêrêndhêti lakuníng kêmajuwané dhéwé ing jagadíng bêbrayan.
(P) Såpå wóngé síng ora sênêng yèn éntúk
pangalêmbånå. Nangíng thukulíng pangalêmbånå iku ora gampang. Kudu disranani
kanthi pakarti kang bêcik lan murakabi marang wóng akèh. Yèn múng disranani
båndhå, pangalêmbanané múng kandhêg ing lambé baé ora tumús ing ati. Déné yèn
disranani pênggawé kang lêlamisan, ing pamburiné malah bakal
kasingkang-singkang kasingkíraké såkå jagadíng pasrawungan.
(P) Généyå akèh wóng kang dhêmên nyatur alaníng
liyan lan ngalêmbånå awaké dhéwé? Sêbabé ora liya margå wóng-wóng síng kåyå
ngono mau ora ngêrti yèn pênggawé mau klêbu pakarti kang ora prayogå, mula
prêlu dingêrtèkaké. Awít yèn ora énggal-énggal nyingkiri pakarti kang ora bêcík
mau, wusanané dhèwèké kang bakal diêmóhi déníng pasrawungan.
(P) Nggayúh kaluhuran liré ngupåyå tataraníng uríp
kang luwih dhuwúr. Dhuwúr laír lan batiné, ya tumrap dhiri pribadiné ugå
sumrambah kanggo karaharjaníng bêbrayan. Nangíng yèn kandhêg salah siji, têgêsé
gothang. Yèn múng nêngênaké kaluhuraníng laír gênah múng ngoyak drajat lan
sêmat, isíh miyar-miyur gampang kênå pangaribåwå såkå njåbå. Yèn ngêmúngaké
kaluhuraníng batín, cêtha ora nuhóni jêjêríng manungsa, awít ora tumandang ing
gawé kanggo kêpêrluwaníng bêbrayan. Atêgês tanpå gunå diparingi uríp ing alam
donya.
(P) Sing såpå rumangsa nduwèni kaluputan, åjå isín
ngowahi kaluputan sing wís kadhúng katindakaké mau. Jêr ngakóni kaluputan mono
wís cêthå dudu tindak kang asór, nangíng malah nuduhaké marang pakarti kang
utåmå kang ora gampang linakónan déníng sadhêngah wóng. Iyå wóng
kang wisbiså nduwèni watak gêlêm ngakóni kaluputané mangkéné iki pantês
sinêbút wóng kang jujúr sartå kasinungan ing budi luhúr.
(P) Manungså uríp iku dibiså nguwasani
kamardikaníng laír lan batín. Kang dikarêpakê kamardikaníng laír iku wujudê
biså nyukupi kabutuhaning uríp ing sabên dinanê såkå wêtuning kringêt lan
wóhíng kangèlan dhêwê ora gumantúng ing wóng liyå lan ora dadi sangganíng
liyan. Dênê kamardikaníng batín iku dicakakê sarånå nyingkiri håwå napsu, adóh
såkå asór lan nisthaníng pambudi, sêpi ing råså mêlík lan drêngki srèi, sartå
tuhu marang paugêran uríp bêbrayan.
(P) Ora ånå wóng kang ingaranan uríp, kêjabanê kang
mikír sartå trêsnå marang wóng kang ringkíh lan nandhang påpå cintråkå. Biså
mèlu ngrasakakê kasusahanê sartå lårå lapanê wóng liyå. Kanthi pangråså kang
mangkono mau atêgês biså nggadhúh kêkuwatan kang tanpå watês, pêrlu kanggo
mitulungi sapådhå-pådhå kang kahananê luwíh nrênyúhakê katimbang dhiri
pribadinê. "Pakarti mono darbèk kita dhêwê, nanging wóhê pakarti mau dadi
kagunganê Kang Gawê Urip", mangkono sabdanê sawijinê Pujånggå kalokå.
(P) Wóng kang baút mawas dhiri iku wóng kang biså
manjíng ajúr ajèr, ngêrti êmpan papan laras karo rèh swasånå sakupêngê tanpå
ninggalakê subåsitå. Paribasanê wóng kang baút ngadisarirå, åjå múng kalimpút
êdiníng busånå baê, nangíng bisowå tansah mêrsudi marang padhangíng sêmu lan
manisíng wicårå tanpå nglírwakakê marang alús lan luwêsíng solah båwå.
(P) Kêcandhakíng sawijiníng idham-idhaman iku ora
cukúp múng dibandang móncèr lan pêpakíng ilmu lan kawrúh baê. Nangíng ånå
syarat siji kang ora kênå kalirwakakê, yaiku kapintêran ing bab sêsrawungan.
Såpå kang bisa tumindak ajúr-ajèr lan biså nuwúhakê råså rêsèp marang liyan,
prasasat wisêntúk pawitan kanggo nandangi sakèhíng pagawêyan åpådênê
nggayúh idham-idhamanê.
(P) Nindakakê kabêcikan mono ora mêsthi kudu cucúl
wragad, nanging biså ditindakakê sarånå pakarti-pakarti liyanê sing sêjatinê
akèh bangêt caranê. Saugêr biså gawê sênênging liyan, upamanê baê måwå ulat
sumèh tangkêp srawúng kang sumanak, bisa manjíng ajúr-ajèr ing madyaníng
bêbrayan, lan biså dadi patuladhan laku utåmå. Kabèh mau klêbu êwóníng tindak
kabêcikan kang ajinê nglêluwihi wragad dêdånå kang diwènèhakê utåwå
dipotangakê, apamanèh lamún anggónê mènèhi utåwå ngutangi iku sinamudånå kêbak
pamríh.
(P) Yèn kowê arêp rêmbugan, pikirên luwih dhisík
têtêmbungan síng arêp kók wêtókakê. Åpå wís ngênggoni têlúng prêkårå: bênêr
manís, migunani. Êwå sêmono síng bênêr iku isih pêrlu dithinthingi manèh yèn
gawê gêndranê liyan prayogå wurúngnå. Dênê têmbúng manís mono ora duwê pamríh,
pamrihê biså gawê sênêngê liyan kang tundhónê migunani tumrapê jagadíng
bêbrayan.
(P) Sugíh ómóng kanggo nggayêngakê pasamuwan pancèn
apík. Nangíng ngómóng múng golèk suwurê awakê dhêwê sók kêtrucút miyak wêwadinê
dhêwê. Pirå baê cacahê wóng kang kêplèsèt uripê múng margå sukå anggónê sugíh
ómóng. Mulå sabêcik-bêcikê wóng iku ora kåyå wóng kang mênêng. Nangíng mênêngê
wóng kang darbê bóbót kang antêb síng biså dadi panjujuganê pårå pawóngan kang
mbutúhakê rêmbúg lan pitudúh.
(P) Ing jagadíng sêsrawungan mono nyirík marang
sêsipatan kang gumêdhê lan wêwatakan kang tansah ngêgúngakê dhiri. Sipat lan
wêwatakan mau adhakanê banjúr nuwúhakê råså ora lilå yèn nyipati ånå liyan síng
luwíh katimbang dhèwèkê. Mulå saibå bêcikê samångså såpå kang rumangsa pintêr
dhêwê, sugíh dhêwê, lan kuwåså dhêwê iku gêlêma nglaras dhiri lan nglêrêmakê
cíptanê kang wêning, yèn sêjatinê isíh ånå manèh kang Måhå Pintêr, Måhå Sugih,
lan Måhå Luhúr. Klawan mangkono råså pangråså dumèh lan takabúr kang dadi
sandhungan pasrawungan biså sumingkír.
(P) Luwih bêcík makarti tanpå sabåwå kang anjóg
marang karahayóníng bêbrayan, katimbang tumindakê wóng kang rêkanê nindakakê
panggawê luhúr nangíng disambi udúr. Yêktinê tåtå têntrêm iku ora bakal biså
kagayúh yèn tå ora adhêdhasar kêrukunan, dênê kêrukunan iku múng biså kêcandhak
yèn siji lan sijinê pådhå biså aji-ingajènan lan móng-kinêmóng.
(P) Yèn kêpéngín diajèni liyan, mulå åjå sók dhêmên
martak-martakaké, åpå manèh nganti mamèraké kabisan lan kaluwihanmu.
Pangaji-ajiníng liyan iku sêjatiné ora pêrlu mbók buru, bakal têkå dhéwé.
Nudúhaké kêwasisan pancèn kudu bisa milíh papan lan êmpan. Mulå kang prayoga
kêpårå purihên åjå kóngsi wóng liyå biså njajagi. Nangíng mångså kalané
ngadhêpi gawé parigawé kêconggah mrantasi.
(P) Åjå sók ngluputaké, gêdhéné ngundhat-undhat
wóng liyå, samångså kitå ora katêkan åpå kang dadi kêkarêpan kitå. Bêciké kitå
tliti lan kitå golèki sêbab-sêbab ing badan kita dhéwé, amrih kitå biså uwal
såkå dayaníng pangirå-irå kang ora prayogå. Kawruhana, yèn usadané watak apês
síng njalari nganti ora katêkan sêdyå kitå iku, ora ånå liya, yå dumunúng ånå
ing awak kita dhéwé.
(P) Arang wóng síng bisa mapanaké råså narima
marang åpå baé kang wís klakón digayúh. Yèn rumangsa kurang isíh golèk wuwúh,
yèn wís olèh banjúr golèk luwíh, yèn wís luwíh tumuli mbudidåyå åjå ånå wóng
síng biså madhani. Wóng kang duwé råså mangkono mau satêmêné mêmêlas. Uripé tansah
ngångså-ångså, ora naté sumèlèh atiné. Kanggo nuruti råså kang klèru kasêbút
sók-sók banjúr tumindak ora samêsthiné lan nalisír såkå pakarti kang bênêr.
(P) Watak narimå mono yêkti dadi sihíng Pangéran,
nangíng yèntå nganti klèru ing panyuråså biså nuwúhaké klèruníng tumindak.
Narimå, liré ora ngångså-ångså nangíng ora kurang wêwékå lan tansah mbudidåyå
amríh katêkaning sêdyå, dudu atêgês kêbacút lumúh ing gawé, suthík ihtiyar.
Awít yèn mangkono ora jênêng narimå, nagíng kêsèt. Jêr watakíng wóng kêsèt iku
múng gêlêm énaké êmóh rêkasané, gêlêm ngêmplók suthík tómbók, satêmah dadi wóng
ora wêrúh ing wirang, siningkiraké såkå jagadíng bêbrayan.
(P) Wóng uríp ing alam bêbrayan iku yêkti angèl,
kudu biså ngêrèh pakóné "si aku", åjå nggugu karêpé dhéwé lan nuruti
håwå napsu. Luwíh-luwíh ing dinå samêngko, alam bêbrayan donyå tansah kêbak
pradhóndhi, silíh ungkíh, rêbutan bênêré dhéwé-dhéwé. Mulå síng baku, wóng
uríp kudu biså miyak alíng-alíng kang nutupi pikiran kang wêníng. Liré,
sênajanå sajroníng pasulayan, kudu bisa nyandhêt kêmrungsung "si aku"
istingarah sakèhíng bédané panêmu biså disawijèkaké.
(P) Wóng kang nduwèni watak tansah njalúk bênêré
dhéwé iku adaté banjúr kathukulan bêndånå sênêng nênacad lan ngluputaké marang
panêmu sartå tindak tanduké wóng liyå. Méndah bêciké yèn wóng síng kåyå
mangkono mau kålå-kålå gêlêm nggraitå ing njêro batiné : "mbók mênåwå aku
síng klèru, mulå cobå dak tlitiné klawan adíl såpå kang sêjatiné nyåtå-nyåtå
bênêr".
(P) Rêsêpíng omah iku ora dumunúng ing
barang-barang méwah kang larang rêgané, nangíng gumantúng marang panataníng
prabót kang prasåjå, sartå pêmasangé rêrênggan kang adóh såkå watak pamèr.
Sêmono ugå rêsêpíng salirå iku ora margå såkå pacakan kang èdi-pèni, nangíng
gumantúng ing sandhang pênganggo kang prasåjå, trapsilå solah båwå, lan
padhanging polatan.
(P) Yèn kowé kêpênêr lagi srêngên lan nêsu,
prayogané wóng síng kók nêsóni lan kók srêngêni mau kóngkónên énggal sumingkír.
Utåwå kowé dhéwé sumingkirå sauntårå, aja têtêmónan karo wóng liya. Sabanjuré
mênêngå lan étúng-étúngå kanthi sarèh wiwít siji têkan sêpulúh. Klawan mêngkono
atimu bakal bisa nimbang-nimbang åpå nêsu lan srêngênmu marang wóng mau bênêr,
åpå malah dudu kowé dhéwé síng lupút.
(P) Jênêng tanpå gunå uripíng manungså kang nganti
ora biså nyumurupi marang kang kêdadéyan ing sakiwå têngêné. Ora biså asúng
lêlimbangan lan pamrayogå sakadharé kanggo karahayóníng bêbrayan. Rupak
pandêlêngé ora ånå liyå kang disumurupi kajåbå uripé dhéwé. Mati pangrasané,
jalaran ora kulina kanggo ngrasak-ngrasakaké kang katón ing sabên dinané,
wusana dadi cêthèk budiné, jalaran såkå kalêpyan marang têpå palupi kang
maédahi ing uripé.
(P) Åjå sók nyênyamah luputíng liyan, luwíh bêcík
tudúhnå kaluputané kang malah biså ngrumakêtaké råså pasêduluran. Éwåsêmono åjå
nganti kowé kêsusu mbêcíkaké kêlakuwané liyan, yèn awakmu dhéwé rumångså durúng
biså ngênggóni råså sabar lan têpa sêlirå. Såpå kang wís ngêrti lan
ngrumangsani marang sakèhíng dosané, iku sawijiníng wóng kang wís ngêrti marang
jêjêríng kamanungsané, manungsa kang utåmå.
(P) Ajiníng manungså iku kapúrbå ing pakartiné
dhéwé, ora kagåwå såkå katurunan, kapintêran, lan kasugihané. Nangíng gumantúng
såkå ênggóné nanjakaké kapintêran lan kasugihané, sartå matrapaké wêwatêkané
kanggo kêpêrluan bêbrayan. Kabèh mau yèn múng katanjakaké kanggo kapêrluwané
dhéwé, tanpå paédah. Nangíng yèn pakarti mau kadayan déníng råså pêpinginan
golèk suwúr, golèk pangkat lan donya brånå, malah bisa dadi mêmalaníng
bêbrayan, jalaran nyinamudana sarånå nylamúr migunakaké jênêngé wóng akèh.
(P) Ora ånå budi kang luwíh luhur saliyané nduwèni
råså asíh marang nuså lan bangsané. Kadunungan råså rumangsa nduwèni
sêsanggêman lan kuwajiban mranåtå têntrêmíng pråjå kanthi pawitan kapintêran
kang dilandhêsi kawicaksananing pambudi. Tåndhå yêktiné yèn asíh, yaiku tansah
samaptå tumandang sawayah-wayah yèn ånå parigawé kang wigati kanggo wargå
sapådhå-pådhå, munggahé tansah samaptå lêladi kanggo kêslamêtaníng bêbrayan lan
karaharjaníng nagårå.
(P) Wóng kang kêrêp tansah dipituturi wóng liya iku
adaté bisa dadi wóng dhêmên ngati-ati, nangíng mênåwå kapêngkók ing pêrlu sók
ora bisa tumindak lan ngrampungi dhéwé. Kêpêkså isíh kudu nolèh wóng liya síng
diwawas bisa awèh pitudúh. Mulå kuwi prayogå ngawulåå marang ati lan
kêkuwatanmu dhéwé, jalaran wóng liyå iku sêjatiné yèn ånå apa-apané múng
sadêrmå nyawang, ora mèlu ngrasakaké.
(P) Wóng kang rumångså dhiriné linuwíh, ing
sawijiníng wêktu mêsthi bakal kasurúng atiné arêp mamèraké kaluwihané, liré
amríh dimangêrtènånå déníng wóng akèh yèn dhèwèké mono wóng kang pinunjúl lan
supåyå diajènånå. Sumurupå, sakabèhíng kaluwihan mau yèn ora dicakaké måwå
lêlabuhan kang murakabi marang bêbrayan, tanpå gunå kêpårå malah ora kajèn lan
gawé pitunå. Mula kang prayogå biså tulús dadi wóng kang linuwih mênåwå
gêbyaríng kaluwihan iku múng dikatónaké marang batiné dhéwé, iku wís cukup.
(P) Dêdånå utåwå sêdhêkah marang wóng kang lagi
nyandhang påpå cintråkå iku sawijiníng pênggawé bêcík kang patút tinulådhå,
saugêr pawèwèh mau ora kinanthènan panggrundêl kang nêlakaké ora éklasíng
atiné. Têtêmbungan kang lêmbah ing manah lan mêrak ati iku luwih gêdhé ajiné
katimbang dêdånå kang ora éklas. Suprandéné nulúng lan mènèhi pêpadhang marang
jiwané wóng kangkacingkrangan iku kang sêjatiné luwih pêrlu lan wigati,
katimbang múng têtulúng marang awaké kang awujúd kêlairan baé.
(P) Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan
têmbúng arís iku biså ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan.
Kósókbaliné watak wicårå kang kêras, kêjåbå kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå
gampang nuwúhaké salah panåmpå. Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús
sarånå arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng, kari
si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah.
(P) Wóng kang kulinå uríp mubra-mubru iku
samangsané ngalami sandhungan uríp sêthithík baé adaté gampang kêthukulan
gagasan lan gawé kang cêngkah karo bêbênêr, luwíh bêgjå wóng kang uripé pokal
samadyå nangíng rêsík atiné. Déné bêgja-bêgjané wóng iku ora kåyå wóng síng
tansah uríp ing kahanan kang kêbak godhå rêncånå, prasasat tåpå ånå satêngahíng
cobå, nangíng tansah tawêkal lan kandêl kêimanané marang adilíng Pangéran Kang
Måhå Kuwåså.
(P) Sipaté wóng uríp iku mêsthi kêsinungan
kêkuwatan. Kang ngêrti biså ngêcakaké déné kang ora biså ngêrti kurang
digladhi, têmahan ora tumanja. Éwåsémono ngêmpakaké kêkuwatan mula ora gampang.
Buktiné ora sêthithík kêkuwatan kang êmpané ora mapan. Kawruhana, yèn rusaké
bêbrayan ing antarané margå såkå pakartiné pårå-pårå kang ngêrti marang
dayaníng kêkuwatané nangíng ora kanggo nggayúh gêgayuhan kang mulyå, múng
kanggo nuruti dêrênging ati angkårå.
(P) Katrêsnan kang tanpå pangrêksa iku dudu
sêjatiníng katrêsnan. Kênå diarani sêjatiníng katrêsnan kang múng kadêrêng lan
kêna ing pangaribawaníng håwå napsu. Dadi yèn ånå unèn-unèn " trêsnå iku
wutå" yaiku síng kaprabawan håwå napsu. Síng prayogå iku mêsthiné kudu
ngugêmi unèn-unèn "trêsnå iku rumêkså" biså salaras tumindaké.
Rasaníng katrêsnan kang cêdhak dhéwé tumrap sadhêngah manungså iku dumunúng ing
awaké dhéwé. Mulå såpå kang trêsnå marang sapådhå-pådhå iku aran trêsnå marang
awaké dhéwé, tundhóné såpå kang tansah ngrêkså marang karahayóníng liyan, ora
bédå karo pangrêkså marang kêslamêtané dhéwé.
(P) Srawúng ing madyaning bêbrayan iku kêjåbå kudu
wasís milíh papan lan êmpan, ugå kudu bisa angón mångså lan mulat ing sêmu. Åjå
nggêgampang ngrójóngi rêmbúg kang kowé dhéwé durúng ngrêti prakarané. Rêmbúg
sêthithík nanging mranani iku nudúhaké bóbótíng pribadi. Rêmbúg akèh nangíng
ampang malah gawé sånggå rungginé síng pådhå ngrugókaké kêpårå njuwarèhi.
(P) Wóng kang wís têkan pêsthiné utåwå wis
katimbalan bali mênyang jaman kêlanggêngan iku sêjatiné lagi kênå diwènèhi biji
tumrap ajiné kamanungsané lan pakartiné nalikå uríp. Déné wóng kang isíh pådhå
uríp iku pêrlu disêmak baé dhisík, durúng kênå dipatrapi biji, jêr kahanané
isih bisa owah gingsír. Sarèhné manungså iki sawijiníng titah kang luhúr dhéwé,
mulå wís samêsthiné yèn kitå åjå nganti kayadéné sato kang patiné múng ninggal
têngêr lulang lan balúng baé. Nangíng bisowå kita nanjakaké uríp kitå marang pakarti-pakarti
utåmå, sumrambahé marang karahayóning uríp bêbrayan.
(P) Mustikané wóng tuwå marang anak múng ånå ing
laku kang gumati, gunêm kang rurúh, lan ujar kang manís. Gumatiné dumunúng ing
têpå tuladhaníng tingkah laku. Gunêm lan ujar kawêngku ånå ing ucap kang
istingarah numusi kajiwan, lan luhuríng budi pêkêrti. Mula yèn ånå åpå-åpå, åjå
sêlak marang sêbutíng paribasan : "Ora ånå kacang ninggal lanjaran".
(P) Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan
iku gampang angèl. Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging pikír
samångså anggón kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå. Aran gampang yèn kita
biså mikír klawan wêníng lan mênêb. Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal
budi sêjati. Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang mulús rêsík, ora kacampúran
blêntóngé "si aku". Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani
wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå
dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi.
(P) Srêngên marang wóng mono åjå nganti kênêmênên
lan kêliwat-liwat múng margå wis ngêrti yèn wóng mau ora bakal wani
nglawan utåwå wísora biså nglawan, síng èstiné múng arêp ngêdír-êdíraké
drajad pangkat utåwå kadibyané baé. Pakarti kaya ngono mau kêjåbå klêbu ambêg
siyå, ugå wóng síng disrêngêni durúng karuwan bakal dadi bêcík, kêpårå bisa
nuwúhaké råså sêngít. Kang prayogå iku srêngên samadyå kang mêngku pitutúr
murih bêciké.
(P) Wóng pintêr kang ora kinanthènan ing kautaman
iku ora bédå karo wóng wutå kang nggåwå óbór ing wayah bêngi. Madhangi wóng
liyå nangíng dhèwèké dhéwé lakuné kêsasar-sasar. Kapintêran mangkéné iki yèn tå
dicakaké ing madyaning bêbrayan bakal nuwúhaké kapitunan, pikolèhé malah múng
wujúd kasangsaran lan karusakan.
(Ki-Demang Sokowaten)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar