Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2014

LAMUN HANGGAMU ARSA SUMURUP

Lamun hanggamu arsa sumurup Urubing tirta Sira kudu bisa nggondheli talining mega ............... Aywa luput ing paneges Iku dudu wantah Sanepa jantraning ngaurip Warih kang aweh panguripan Murub mubal pindha agni minangka kamulyan jati Mega mendhung angendhanu ing akasa Saweneh wektu nutup sunaring surya Ginambar hardaning kanepson Amarah, Aluwamah, Supiyah sarta mutmainah nDuk kendhalenana tangsuling mega Temahan bisa nyumurubi urubing tirta :)

JAMAN KU.....................

Gambar

PAUGERANING NGAURIP TUMPRAP WONG JOWO

Petunjuk dan Larangan-Larangan (P) = Pituduh/ Petunjuk,  (W) = Wewaler/ Larangan I.     Paugeran Kanggo Kapercayan: (P)  Pangéran Kang Måhå uwåså (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngêndi papan, langgêng, síng nganakaké jagad iki saisiné, dadi êsêmbahan wóng saalam donyå kabèh, panêmbahan nganggo carané dhéwé-dhéwé. (P)  Pangéran Kang Måhå Kuwåså iku anglimput ånå ing ngêndi papan, anèng ira ugå ånå Pangéran (maksudé : tajaliné Kang Múrbèng Dumadi). (P)  Pangéran iki Måhå Kuwåså, pêpêsthèn såkå karsaning Pangéran ora ånå síng biså murúngaké. (P)  Pangéran iku nitahaké sirå lantaran båpå lan biyúngirå, mulå kudu sirå ngurmati marang båpå lan biyúngirå. (P)  Ing donyå iki ånå róng warnå síng diarani bêbênêr, yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå kang lagi kuwåså. (P)  Kêtêmu Gusti (Pangéran) iku lamún sira tansah élíng. (P)  Cåkrå manggilingan (uríp iku ibaraté rodhå kang tansah mubê...