Urubing tirta
Sira kudu bisa nggondheli talining mega ...............
Aywa luput ing paneges
Iku dudu wantah
Sanepa jantraning ngaurip
Warih kang aweh panguripan
Murub mubal pindha agni minangka kamulyan jati
Mega mendhung angendhanu ing akasa
Saweneh wektu nutup sunaring surya
Ginambar hardaning kanepson
Amarah, Aluwamah, Supiyah sarta mutmainah
nDuk kendhalenana tangsuling mega
Temahan bisa nyumurubi urubing tirta :)